30 Kata-kata Malam Satu Suro 2023 Bahasa Jawa yang Penuh Arti Lengkap

30  Kata-kata Malam Satu Suro 2023 Bahasa Jawa yang Penuh Arti Lengkap – Bagi masyarakat Jawa malam satu suro merupakan salah satu malam istimewa yang senantiasa dinanti hadirnya.

Hal ini dikarenakan malam satu suro diyakini sebagai salah satu malam yang paling tepat untuk memanjatkan doa kepada Tuhan.

Alasannya adalah banyak yang memiliki keyakinan di dalam masyarakat Jawa yang menyatakan bahwa doa yang dipanjatkan di malam satu suro akan lebih cepat dikabulkan Tuhan.

Supaya doa yang dipanjatkan di malam satu suro ini lebih cepat terkabul. Tentunya harus ada tata cara yang dilakukan oleh orang yang memanjatkan doa.

Selain harus dalam keadaan suci, orang yang memiliki keinginan agar doanya dapat lebih cepat dikabulkan oleh Tuhan.

Ia harus benar-benar sungguh-sungguh dalam memanjatkan doanya. Selain itu dia juga harus memiliki keyakinan bahwa doanya akan diterima Tuhan.

Apa itu Malam Suro?

https://detik.net/

Malam suro sendiri merupakan malam pergantian tahun menurut sistem penanggalan Jawa. Sama seperti pada malam pergantian tahun menurut kalender masehi.

Pada malam satu suro sebagian masyarakat Jawa sering membuat kata-kata yang berisi harapan yang akan terjadi di tahun baru.

Apabila kamu ingin membuat kata-kata yang bisa kamu gunakan untuk membuat malam satu suro menjadi lebih semarak. Yuk, cek pilihan kata-katanya di bawah ini.

Kata-kata Malam Satu Suro 2023 Bahasa Jawa

Di bawah ini adalah contoh-contoh kata-kata malam satu suro dengan berbagai tema dalam bahasa Jawa.

Kata-kata Malam Satu Suro 2023 Bahasa Jawa Bagian 1

  1. Sugeng rawuh malem siji suro sumangga kita tansah ndedonga mugi Gusti Allah tansah njagi kita sakulawarga.
  2. Malem setunggal suro kita kedah dados manungsa becik ingkang saged memayu hayuning pribadi sarta memayu hayuning bawana.
  3. Malem siji suro bakal langkung endah yen bisa sesandhingan klawan sliramu.
  4. Senajan malem siji suro iki isih ijen, mugia sesuk Gusti Allah tansah kersa paring tentrem ing manah.
  5. Mugia sedaya donga kang konjuk ing malem siji suro tansah diijab dengan Gusti Kang Maha Wikan.
  6. Sumangga kita tansah manekung memuji asmaning Gusti Kang Maha Suci ing dalu menika, awit dalu menika malem setunggal sura, malem ingkang suci tumraping tiyang Jawi.
  7. Mugi-mugi kanthi dumuginipun malem setunggal suro punika sedaya gegayuhan kita tansah saged ginayuh.
  8. Ing dalu malem setunggal suro, kula nyuwun agunging pangaksama, mugia ing warsa enggal ingkang bakale dugi, kita saged dados pribadhi ingkang langsung sae tinimbang warsa ingkang sampun kalampahan.
  9. Sumangga kita sesarengan mapag duginipun malem setunggal suro kanthi manah ingkang wening sarta suci, supados sedaya gegayuhan sae ingkang kita penginaken saged dipunijabah dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
  10. Sumangga kita papag duginipun malem setunggal suro kanthi tatag, sampun ngantos nglokro amargi Gusti Allah remen sanget kaliyan tiyang ingkang semangatipun makantar-kantar.

Kata-kata Malam Satu Suro 2023 Bahasa Jawa Bagian 2

  1. Kita tutup lelakon sedhih ingkang dumados ing taun wingi, dumuginipun malem setunggal suro kedah dipapag kanthi manah ingkang bungah sarta semangat makantar-kantar amrih sedaya gegayuhan kita saged kawujud.
  2. Malem setunggal sura niki kita kedah instropeksi dhiri sarta kedah janji marang dhiri pribadhi supaya nilar tumindak ala sarta bakal dados tiyang ingkang migunani tumrap agami, bangsa, lan nagari.
  3. Malem siji suro iki awake dhewe kudu janji bakal dadi wong sing luwih apik tinimbang dina wingi.
  4. Apa sing wis dumadi ora perlu digetuni, sing durung teka isih bisa dienteni, sing durung rampung enggal dirampungi menawa ana kurange Gusti Allah sing bakal njangkepi.
  5. Ora perlu getung marang sing wis dumadi. Kita kudu eling coba sing ditampa wis kinukur dening Gusti. Yen malem siji suro iki isih kosong atine. Sumangga kita ndedonga bebarengan supaya Gusti tansah maringi mustikaning ati.
  6. Sing wis lunga aja ditangisi, sing wis nglarani aja dieling-eling. Wengi iki malem siji suro, wengi sing endah lan suci, mula ayo ndedonga murih Gusti tansah maringi padhange ati.
  7. Sing isih lara terusa ngupaya lan ndedonga supaya Gusti maringi tamba. Sing isih legan terusa ndedonga supaya Gusti maringi pasangan. Ndedonga ing malem siji suro kanthi badhan kang suci, Insya Allah Gusti bakal maringi kanugrahan kang tekane tanpa dinyana-nyana.
  8. Aja percaya karo jarene tv sing ngomongake malem siji suro akeh dhemit klayapan. Awit malem siji suro kuwi malem sing suci lan becik kanggo manembah mring Gusti.
  9. Sumangga kita tansah ndedonga ing malem siji suro puniki, supados Gusti tansah paring kaslametan, kasantosan, sarta karaharjan tumrap jagad saiisinipun.
  10. Dumuginipun malem siji suro mujudaken tandha dumuginipun warsa enggal tumrap tiyang Jawi. Sumangga kita papag warsa enggal kanthi donga ingkang tulus saking lebeting batin supados Gusti Allah tansah paring kasantosan sarta kaslametan tumrap kita dalah kaluwarga.

Kata-kata Malam Satu Suro 2023 Bahasa Jawa Bagian 3

  1. Sedhih entuk, mangkel ya kena, nangis ya sumangga, ning aja lali wengi iki malem siji suro. Sumangga kita tansah ndedonga supaya sakehing panandhange batin bisa kasilir dening welasing Gusti. Saengga kutahe waspa bakal kaganti dening kabagyan kang tanpa kinira.
  2. Tenang wae, awake dhewe iki mung saderma dadi wayang sing lumaku manut apa kang wis digarisake dening Gusti Allah. Mumpung wengi iki malem siji suro., ayo tansah ndedonga muga-muga awake dhewe dibagei kabagyan ing donya lan akherat.
  3. Sumangga kita tansah ndedonga ing malem setunggal suro, saengga kita saged pikantuk kabagyan sarta ditebihaken saking sedaya coba lan godha.
  4. Malem setunggal suro ingkang dumugi ing dalu munika mujudaken tandha warsa enggal sampun bakal ginelar. Sumangga kita ndedonga supados kita tansah kagungan kakiyatan kagem ngadhepi sedaya godha ugi coba ingkang sampun wonten ngajeng ngrantu duginipun kula dalah panjenengan sedaya.
  5. Minangka manungsa kita namung saged ngonjukaken donga sarta pamuji. Mugi-mugi sedaya donga ingkang konjuk dhateng malem setunggal suro punika saged katampi dening Gusti.
  6. Ing dalu malem setunggal suro punika kita kedah kemutan, menawi jejering manungsa kita boten kagungan menapa-napa. Sedaya pangkat, drajat, sarta semat ingkang digadhahi sedaya mujudaken paringane Gusti. Mula sampun ngantos tumindak adigung, adigang, lan adiguna.
  7. Sumangga kita tansah ndedonga ing ngarsanipun Gusti ing dalu malem setunggal suro. Supados kita diparingi keslametan saking sedaya prahara ingkang dugunipun boten nate paring warta.
  8. Gusti Allah sampun jani boten bakal paring pacoban ingkang boten saged sinangga dening manungsa. Pramila ing malem setunggal suro menika taksih wonten ingkang nandang pacoban. Sumangga kita ndedonga supados pacoban menika enggal kaangkat dening Gusti.
  9. Sedaya puji sarta atur panuwun ingkang tanpa kinira tansah konjuk ing ngarasanipun Gusti ingkang sampun paring kanugrahan tumrap kula. Ing malem setunggal suro punika boten wonten panyuwunan ingkang kula suwun. Kula namung pengin ngucap matur nuwun kagem sedayanipun.
  10. Gusti Allah, matur nuwun sanget kagem sedaya paringanipun. Kula sampun boten kagungan pepinginan napa-napa. Salagine kula Gusti Allah tansah kalih kula. Saestu kula sampun ngraos cekap.

Penutup

Demikian contoh kata-kata malam satu suro yang bisa kamu pasang di sosial media milikmu.

Semoga artikel ini bisa bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat mu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah