Kumpulan Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa untuk Ujian Praktek [Lengkap]

Kumpulan Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa Untuk Ujian Praktek [Lengkap] – Momen perpisahan kelas 9 merupakan saat yang mengharukan kepada seluruh siswa lanjutan tingkat pertama.

Pada momen inilah merupakan waktu yang tepat untuk mengucapkan rasa terimakasih kepada para guru dan teman-teman seperjuangan.

Berikut ini Mamikos akan menyajikan contoh pidato perpisahan kelas 9 bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan sebagai referensi. Simak sampai akhir, ya!

Kumpulan Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa untuk Ujian Praktek

pexels.com/@borta-2790256

Membuat pidato perpisahan yang menarik dan mengesankan dapat dilakukan dengan banyak cara. Salah satunya dengan membaca contoh pidato tentang perpisahan kelas 9 bahasa Jawa dari mamikos di bawah ini

Contoh 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng siyang bapak kepala sekolah SMP Pancasila 3 ingkang kula khurmati ugi kula tresnani

Sugeng siyang para ibu, bapak guru, sarta staf karyawan SMP Pancasila 3 ingkang kula khurmati ugi kula tresnani

Sarta para mitra kula ingkang kula tresnani.

Saderengipun tepangaken nami kula Jaka Purnawa, ing ngriki kula miangka sesulih saking kelas IX badhe ngaturaken pidhato pepisahan kagem kelas 9.

Ingkang boten dangu malih bakal nilar sekolah ingkang kebak cariyos menika kagem nglajengaken dhumateng pawiyatan ingkang salajengipun.

Saderenge kula bikak pidhat perpisahan ing dinten menika. Prayoginipun kita sedaya yansah ngojukaken raos syukur mring Gusti Ingkang Maha Wikan, jalaran namung mergi luberanipun sih kanugrahanipun kita saged nyawiji raos ing papan punika.

Salajenge ing kalodhangan punika, sepisan malih kula badhe ngatruraken raos matur nuwun ingkang tanpa wonten kinira kagem bapak lan ibu guru ingkang tansah paring pambongbong uga panyaruwe saengga kula kaliyan kanca saged dados mekaten.

Tanpa wonten bimbingan saking pada bapak ugi guru, kita para siswa kelas 9 sedaya mokal saged ngranggeh biji ingkang sae kados ingkang dumados dinten punika.

Pramila kepareng matur, ing dinten punika kula sakanca ugi bakal nyuwun agunging pangaksami saking sedaya kalepatan ingkang kula sakanca tindakaken sadangunipun nyecep kawruh ing papan ngriki.

Bapak ugi ibu guru, kula lan para skana sadhar menawi perjuangan kagem ngranggeh kasuksesan menika taksih tebih lan kathah lelampahan sarta pacoban ingkang bakal dugi sarta paring panyawapa tumrap kita sedaya.

Mula saking niku, sinaosa kula sakanca sanes malih siswa saking pawiyahan ngriki. Kula sakanca mugya taksih nyuwun taksih dipuntulingi utawi dipunelingaken saupami kula sakanca ninakake kalepatan utawi nyimpang saking margining kabecikan.

Bapak ugi ibu guru ingkang kula khurmati, ing titi wanci punika, pranyata boten sedaya siswa ing sekolah ngriki mergi kagungan pepinginan kagem mbacutake dhateng SMA.

Amargi wonten sawetawis siswa ingkang kapeksa boten saged mbacutake anggene sekolah amargi kekirangan dana lan wongten ‘kapilih’ dadis kepala kulawarga sarampu kenging godha wanita liya.

Sadereng pidato pepisahan punika kula pungkasi. Kula minangka sesulih saka kelas IX badhe nyuwun agunging pangaksami menawi wonten tata tutur ugi tata susila ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjenengan.

Kula kinten cekap semanten riyin. Sugeng siang

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng enjing bapak kepala SMP 7 Ngunut ingkang kula khurmati ugi kula mulyakaken

Sugeng enjing bapak ugi ibu guru SMP 7 Ngunut ingkang kula khurmati ugi kula bekteni

Sugeng enjing sedaya staf karyawan ugi para mitra kelas 3 SMP 7 Ngunut ingkang kula tresnani

Tepangaken, kula Dinda Mustika saking kelas 3 F. Kula ing ngriki minangka sesulih saking siswa kelas 3 ingkang badhe ngaturaken pidhato pepisahan kelas 9 ingkang kagelar dinten punika.

Saderengipun pidhato pepisahan kula wiwiti. Sumangga kita langkung rumiyin ngonjukaken sedaya raos syukur dhumateng Gusti Allah, amargi namung saking sih kawelasanipun kita saged nyawiji raos ing papan ngriki kanthi boten wonten ingkang kekirangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun mugya sedaya sholawat ugi salam tansah katur dhumateng junjungan kita sedaya inggih menika Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring bimbingan tumrap kita wiwit jaman peteng lelimengan dumugi jaman ingkang padhang jingglang.

Ing babagan salajengipun mugya kita sedaya tansah kapilih dados umate Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang nampi sapangatipun ing dinten pungkasan mangke.

Para bapak lan ibu sedaya sarta para kanca ingkang kula tresnani. Raosipun kita para siswa kelas 9 sampun nungkak krama menawi boten ngaturaken agunging rasa matur nuwun dhumateng para bapak ugi ibu guru SMP 7 Ngunut.

Amargi saking sedaya lelabuhan sarta perjuangan ingkang linambaran tulusing manah ingkang saged ndadosaken lulus kanthi biji ingkang mirunggan.

Bapak ugi ibu guru SMP 7 Ngunut ingkang kula mulyakaken. Kula minangka sesulihipun saking kanca-kanca, ngaturaken raos matur nuwun ingkang ageng sanget, amargi saking lelabuhanipun panjenengan sedaya kula sakanca saged pikantuk biji ingkang sanget damel manah bungah.

Salajenge kula ugi boten kesupen, menawi sadangune nyecep ngilmu ing papan ngriki. Mesthinipun wonten tumindak utawi tata tutur ingkang kirang mranani dhumateng manah panjenengan sedaya.

Mula saking niku ing kalodhangan menika, kula badhe nyuwun agunging pangapunten dhumateng sedaya bapak kepala sekolah, bapak lan ibu guru, ugi para staf SMP 7 Ngunut.

Mugya kanthi apura saking panjengan sedaya saged dados jejimat tumrap kula dalah kanca-kanca kagem mujudaken menapa mawon ingkang dados gegayuhanipun.

Babagan salajenge, senaosa kula sakanca sekedhap malih sampun sanes siswa papan pawiyatyan punika. Mugi-mugi bapak ugi ibu guru taksih kersa nganggep kula sakanca putra piyambak.

Saengga menawi wonten tumindak utawi tata krama ingkang kirang tepak pinuju kepanggih ing margi utawi ing pundi mawon. Mugya panjenengan kersa ngemutaken.

Saderenge kula tutup pidhato pepisahan menika. Mugi-mugi kita sedaya ingkang wonten papan ngriki mugi-mugi tansah ginanjar yuswa panjang lan saged gadhah manpangat tumrap rahayuning jagad.

Cekap semanten rumiyin atur saking kula. Menawi wonten lepat anggen kula matur. Kula nyuwun agunging pangaksami

Wassalamualaikum warrhamtullahi wabbarakatuh.

Contoh 3

Assalamualamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng siyang bapak kepala sekolah SMP 6 Kalitidu ingkang kula khurmati

Sugeng siyang bapak ugi ibu guru SMP 6 Kalitidu ingkang kula khurmati

Sedaya staf sarta mitra ingkang kula tresnani

Tepangaken kula Via Kharisma saking kelas 9 H, kula minangka sesulih saking kelas 9 SMP 6 Kalitidu ingkang badhe maosaken pidhato pepisahan ing ginelar dinten punika.

Sedaya para rawuh ingkang kula khurmati sarta dipuntresnani Allah

Saderenge kula ngaturaken pidhato ringkes ngenani pepisahan. Sumangga kita langkung riyin ngonjukaken raos sokur ing ngarsane Gusti Allah awit namung kawelasan Panjenengan-E ingkang tanpa wates, kita saged pepanggihan ing ngriki tanpa kekirangan setunggal punapa.

Para rawuh sedaya

Ing kalodhangan dinten punika kula badhe ngucapake raos matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng sedaya pihak ing pawiyatan punika ingkang sampun paring panjurung, ilmu, sarta panampa sadangunipun ngudi ngilmu ing papan ngriki.

Mugya sedaya ngilmu ingkang panjenengan paringaken saged mupangati tumrap kula sakanca, saengga saged dados gegaman kagem ngadhepi sekolah lanjutan ing samangke.

Para rawuh sedaya

Taun niki sedaya kelas 3 SMP 6 Kalitidu saged lulus 100 % kanthi biji ingkang sanget damel bombonge manah.

Samesthinipun asil ingkang kados mekaten namung saged dumados nalika siswa ugi guru tansah temenan anggenipun nindakaken jejibahanipun.

Tanpa wonten labuhe guru ingkang kagungan pepinginan majokaken jagading pendidikan, mesthine kahanan ingkang kados wau mokal saged kedadosan.

Pramila saking niku ing kalodhangan punika, kula sakanca boten namung badhe ngucapaken raos matur nuwun. Nanging ugi badhe nyuwun agunge pangaksami dhumaten para bapak lan ibu guru.

Mugi-mugio bapak sarta lepat taksih kersa paring sepura dhumateng kula sakanca. Kula kinten semanten rumiyin anggen kula matur.

Iwak sepat adus ing banyu gula

Menawi lepat kula nyuwun sepura.

Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh

Demikianlah kumpulan pidato perpisahan kelas 9 bahasa jawa untuk ujian praktek. Semoga artikel ini membantumu dalam menciptakan teks pidato yang menarik. 


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta