Ringkasan Naskah Drama Cerita Rakyat Sangkuriang dalam Bahasa Jawa

Pada artikel ini, Mamikos akan memberikan contoh drama tentang cerita rakyat Sangkuriang dalam bahasa Jawa. Simak baik-baik, ya!

29 Oktober 2023 Zuly Kristanto

Sangkuriang

Tumang pejah, Bu

Dayang Sumbi

Mati? Mati kena ngapa?

Sangkuriang

Kula pejahi, Bu.

Dayang Sumbi

Hah? Piye? Kok pateni?

Sangkuriang

Inggih, Bu. Wingi nalika mbebedhag. Tumang boten purun nurut kalih prentah kula. Saking mangkel kula, wusanane Tumang kula pejahi lan daginge kula damel tambahan….

Dayang Sumbi

Tambahan apa?

Sangkuriang

Tambahan daging kancil, Bu.

Dayang Sumbi

Dadi daging kancil sing kok wenehake wingi kok campur karo daginge Tumang?

Sangkuriang

Inggih, Bu.

Sanalika Dayang Sumbi muntab. Saking muntabe Dayang Sumbi nuthuk sirahe anake nganggo enthong

Dayang Sumbi

Bocah kurang ajar. Minggat saka kene. Kowe ora ngerti Tumang kuwi sapa?

Sangkuriang

Ampun, Bu. Ampun.

Merga terus diamuk ibune. Wusanane Sangkuriang minggat.

Babak VI

Sawetara puluh taun candhake, Sangkuriang bali maneh menyang desane. Ing wektu kuwi dheweke weruh wanita kang ayu banget

Sangkuriang

Wanita kae sapa ya, jenenge? Kok ayu banget. Ah. Coba aku dakkenalan wae.

Nimas, sapa jenengmu? Aku nandang wuyung marang sliramu. Apa sliramu gelem dadi sisihanku?

Dayang Sumbi

Jenengku Sumbi, kakang. Iya, kakang. Aku gelem

Babak VII

Sesambungan antarane Dayang Sumbi lan Sangkuriang tansaya rumaket. Pinuju sawijining dina Sangkurian lan Dayang Sumbi ngentekake wektu bebarengan.

Sangkuriang

Nimas, yen kowe sida dadi sisihaku. Apa wae sing kok jaluk bakal dakturuti.

Dayang Sumbi ora sumau nanging dheweke ngelus-elus sirahe Sangkuriang. Saiba kagete Dayang Sumbi nalika weruh sirahe Sangkuriang ana pithake

Dayang Sumbi

Kangmas, iki sirahmu kena ngapa kok ana pithake?

Sangkuriang

Iku biyen merga aku dithuthuk enthong karo ibuku.

Dayang Sumbi

(Aduh aja-aja iki anakku dhewe batine Dayang Sumbi) yen aku entuk weruh. Jenenge ibumu sapa kangmas?

Sangkuriang

Jenenge ibuku Dayang Sumbi, Nimas.

Sanalika atine Dayang Sumbi kaya disamber bledheg. Dheweke babar pisan ora ngira yen priya sing arep ngrabi dheweke iku jebul anakke dhewe.

Dayang Sumbi

Kakang, apuranen aku, ya! Merga aku ora bisa mbacutake sesambungan iki.

Sangkuriang

Ngapa, Nimas? Apa aku ana kurange saengga sliramu tumindak kaya ngene?

Close