Ringkasan Naskah Drama Cerita Rakyat Sangkuriang dalam Bahasa Jawa

Pada artikel ini, Mamikos akan memberikan contoh drama tentang cerita rakyat Sangkuriang dalam bahasa Jawa. Simak baik-baik, ya!

29 Oktober 2023 Zuly Kristanto

Tumang

Ya, aku iki wujud asline Tumang. Aku mujudake bidadara kang diukum dewa mudhun menyang bumi kanthi wujud asu ireng.

Weruh wujud asline Tumang gawe atine Dayang Sumbi bungah. Sidane Dayang Sumbi lan Tumang rabi tenanan. Saka anggene rabi kekarone diparingi putra siji kang diwenehi jeneng Sangkuriang.

Tumang

Sarehene ukumanku isih durung rampung. Aku bakal bali menyang wujud asu ireng maneh. nanging samangsa sliramu butuh bantuanku. Aku bakal malih rupa kaya mangkene maneh, Diajeng.

Dayang Sumbi

Iya, kakang.

Babak II

Sawetara taun candhake Sangkuriang tuwuh dadi bocah kang pinter, kendel, lan trengginas. Sangkuriang kerep mbebedag golek kewan ing alas.

Dayang Sumbi

Le, sepasar maneh ibu bakal nindakake syukuran. Tulung ibu golekna daging kancil menyang alas, ya! Yen menyang alas Tumang ajaken.

Sangkuriang

Inggih, Bu. Mangke siyang kula padosake.

Sawise kuwi Sangkuriang enggal nyepakake pirantine kanggo mbebedhag.

Babak III

Sangkuriang

Bu, kula budhal riyin!

Dayang Sumbi

Iya, Le, sing ati-ati.

Sangkuriang

Mang, Tumang. Ayo budhal menyang alas.

Tumang banjur ngetut ing mburine Sangkuriang.

Babak IV

Sangkuriang

Ah, kae kancil buronanku. Rasakna panahku iki. (Panahe Sangkuriang kasil ngenani kancil. Sangkuriang banjur ngakon Tumang kanggo njupukake. Emane Tumang ora gelem).

Sangkuriang

Mang, Tumang cepet jupuken. Yen ora kok jupuk awas wae.

(Senajan makaping-kaping diakon nanging kekarepane ora dituruti. Wusanane Sangkuriang nesu lan merga nesune kuwi Sangkuriang mateni Tumang. Sawise mateni Tumang, Sangkuriang bali mulih).

Dayang Sumbi

Kok cepetmen baline, Le.

Sangkuriang

Kebeneran niki wau cepet angsal buronane, Bu. Dadose kula langsul wasul sasampune pikantuk menapa ingkang ibu suwun. Niki daging kancile, Bu.

Dayang Sumbi

Oalah, matur nuwun, Le.

Sangkuriang

Inggih, Bu. Sami-sami.

Babak V

Dayang Sumbi

Ana ngendi si Tumang? Aku ora weruh dheweke wiwit wingi. Ah, coba daktakon Sangkuriang.

Sangkuriang! Sangkuriang!

Sangkuriang

Dalem. Wonten napa, Bu?

Dayang Sumbi

Si Tumang ana ngendi, Le? Wiwit wingi ibu kok ora ngerti anane? Saelinge ibu, Si Tumang wingi melu kowe menyang alas.

Close