Ringkasan Naskah Drama Cerita Rakyat Sangkuriang dalam Bahasa Jawa
Pada artikel ini, Mamikos akan memberikan contoh drama tentang cerita rakyat Sangkuriang dalam bahasa Jawa. Simak baik-baik, ya!
Sangkuriang
Hlo, ana apa iki? Kok para lelembut sing ngrewangi aku padha kabur kabeh. Hlo, hlo isih tengah wengi kok wis ana wong nuthuk lesung lan ana abang-abang ing sisih wetan. Kae mesthi pokal gawene Dayang Sumbi.
Samungkure jin lan lelembut sing ngrewangi kabur. Sangkuriang nyoba mbacutake anggene gawe tlaga lan prau. Nanging nganti parak esuk Sangkuriang ora bisa ngrampungake usahane.
Dayang Sumbi
Sliramu wis gagal, Kakang. Sliramu ora bisa njangkepi panjalukku.
Sangkuriang

Advertisement
Aku gagal merga pokal gawemu, Nimas. Kok sliramu tega nggagalake usahaku.
Dayang Sumbi
Sliramu aja ndakwa aku sing rena-rena. Endi buktine yen aku sing nggagalake usahamu. Yen gagal kuwi gagal wae. Ora perlu gawe alesan sing maneka werna.
Samungkure ngomong kaya mangkono Dayang Sumbi ngalih ninggalake Sangkuriang.
Sangkuriang
Kurang ajar. Usahaku duwe bojo wis gagal.
Saking nesune prau sing bakal digawe lelayaran disadhuk lan banjur ceblok kanthi posisi kuwalik. Anehe prau iku malih rupa dadi gunung kang ing dinane iki dikenal kanthi sebutan gunung Tangkuban Prau.
Demikianlah contoh ringkasan naskah drama cerita rakyat Sangkuriang. Semoga contoh ini menginspirasimu dalam membuat naskah teks yang sumbernya dari cerita rakyat.