Ringkasan Naskah Drama Cerita Rakyat Sangkuriang dalam Bahasa Jawa

Ringkasan Naskah Drama Cerita Rakyat Sangkuriang dalam Bahasa Jawa – Selain dapat dijadikan bahan dongeng yang menarik, cerita-cerita rakyat dapat digubah menjadi naskah drama yang baik.

Melalui alih wahana dari dongeng menjadi drama akan menjadikan intisari atau pesan-pesan baik dalam cerita tersebut mudah dipahami oleh generasi milenial.

Yuk, simak ringkasan naskah drama cerita rakyat sangkuriang dalam bahasa Jawa di bawah ini!

Tentang Cerita Rakyat Sangkuriang

indonesiantale.blogspot.com

Cerita rakyat Sangkuriang merupakan sebuah legenda yang berasal dari daerah Jawa Barat.

Walau disangsikan kebenarannya, namun hingga sekarang masih banyak yang meyakini bahwa di masa lalu kisah ini benar-benar pernah terjadi.

Di luar nyata atau tidaknya cerita rakyat ini, yang jelas banyak pesan-pesan baik yang bisa diambil dari kisah Sangkuriang.

Pada artikel ini Mamikos akan mencoba menggubah cerita rakyat Sangkuriang yang berbentuk dongeng menjadi naskah drama.

Untuk lebih jelasnya kamu dapat memperhatikan contoh ringkasan naskah drama cerita rakyat Sangkuriang di bawah ini.

Ringkasan Naskah Drama Cerita Rakyat Sangkuriang

Contoh Ringkasan Drama Cerita Rakyat Sangkuriang dalam Bahasa Jawa

Babak I

Atine Dayang Sumbi sedhih banget merga susuk kondhene ilang. Mangka susuk kondhe iku paringane ramane.

Merga ora bisa nemokake susuk kondhene. Dayang Sumbi banjur nganakake sayembara.

Dayang Sumbi

Sok sapa wae kang bisa nemokake susuk kondheku. Lamuna sing bisa nemokake lanang bakal dakdadekake bojoku. Dene yen sing bisa nemokake wanita bakal dakdadekake adhiku.

Sawetara wektu candhake.

Tumang

Menika putri susuk kondhene panjenengan.

Nalika weruh sing nemokake susuk kondhene asu ireng. Atine Dayang Sumbi kaget, seneng lan sedhih. Seneng merga susuk kondhene ketemu.

Nanging dheweke sedhih jalaran sing nemokake asu kang tegese dheweke bakal rabi karo asu.

Dayang Sumbi

Matur nuwun. Jenengmu sapa?

Tumang

Pripun, putri? Menapa panjenengan kersa nampi kula minangka sisihan?

Dayang Sumbi

Aja sumelang, Tumang. Aku bakal netepi janjiku.

Dumadakan ana keajaiban. Tumang dumadakan malih dadi priya kang bagus banget.

Dayang Sumbi

Sapa kowe?

Tumang

Ya, aku iki wujud asline Tumang. Aku mujudake bidadara kang diukum dewa mudhun menyang bumi kanthi wujud asu ireng.

Weruh wujud asline Tumang gawe atine Dayang Sumbi bungah. Sidane Dayang Sumbi lan Tumang rabi tenanan. Saka anggene rabi kekarone diparingi putra siji kang diwenehi jeneng Sangkuriang.

Tumang

Sarehene ukumanku isih durung rampung. Aku bakal bali menyang wujud asu ireng maneh. nanging samangsa sliramu butuh bantuanku. Aku bakal malih rupa kaya mangkene maneh, Diajeng.

Dayang Sumbi

Iya, kakang.

Babak II

Sawetara taun candhake Sangkuriang tuwuh dadi bocah kang pinter, kendel, lan trengginas. Sangkuriang kerep mbebedag golek kewan ing alas.

Dayang Sumbi

Le, sepasar maneh ibu bakal nindakake syukuran. Tulung ibu golekna daging kancil menyang alas, ya! Yen menyang alas Tumang ajaken.

Sangkuriang

Inggih, Bu. Mangke siyang kula padosake.

Sawise kuwi Sangkuriang enggal nyepakake pirantine kanggo mbebedhag.

Babak III

Sangkuriang

Bu, kula budhal riyin!

Dayang Sumbi

Iya, Le, sing ati-ati.

Sangkuriang

Mang, Tumang. Ayo budhal menyang alas.

Tumang banjur ngetut ing mburine Sangkuriang.

Babak IV

Sangkuriang

Ah, kae kancil buronanku. Rasakna panahku iki. (Panahe Sangkuriang kasil ngenani kancil. Sangkuriang banjur ngakon Tumang kanggo njupukake. Emane Tumang ora gelem).

Sangkuriang

Mang, Tumang cepet jupuken. Yen ora kok jupuk awas wae.

(Senajan makaping-kaping diakon nanging kekarepane ora dituruti. Wusanane Sangkuriang nesu lan merga nesune kuwi Sangkuriang mateni Tumang. Sawise mateni Tumang, Sangkuriang bali mulih).

Dayang Sumbi

Kok cepetmen baline, Le.

Sangkuriang

Kebeneran niki wau cepet angsal buronane, Bu. Dadose kula langsul wasul sasampune pikantuk menapa ingkang ibu suwun. Niki daging kancile, Bu.

Dayang Sumbi

Oalah, matur nuwun, Le.

Sangkuriang

Inggih, Bu. Sami-sami.

Babak V

Dayang Sumbi

Ana ngendi si Tumang? Aku ora weruh dheweke wiwit wingi. Ah, coba daktakon Sangkuriang.

Sangkuriang! Sangkuriang!

Sangkuriang

Dalem. Wonten napa, Bu?

Dayang Sumbi

Si Tumang ana ngendi, Le? Wiwit wingi ibu kok ora ngerti anane? Saelinge ibu, Si Tumang wingi melu kowe menyang alas.

Sangkuriang

Tumang pejah, Bu

Dayang Sumbi

Mati? Mati kena ngapa?

Sangkuriang

Kula pejahi, Bu.

Dayang Sumbi

Hah? Piye? Kok pateni?

Sangkuriang

Inggih, Bu. Wingi nalika mbebedhag. Tumang boten purun nurut kalih prentah kula. Saking mangkel kula, wusanane Tumang kula pejahi lan daginge kula damel tambahan….

Dayang Sumbi

Tambahan apa?

Sangkuriang

Tambahan daging kancil, Bu.

Dayang Sumbi

Dadi daging kancil sing kok wenehake wingi kok campur karo daginge Tumang?

Sangkuriang

Inggih, Bu.

Sanalika Dayang Sumbi muntab. Saking muntabe Dayang Sumbi nuthuk sirahe anake nganggo enthong

Dayang Sumbi

Bocah kurang ajar. Minggat saka kene. Kowe ora ngerti Tumang kuwi sapa?

Sangkuriang

Ampun, Bu. Ampun.

Merga terus diamuk ibune. Wusanane Sangkuriang minggat.

Babak VI

Sawetara puluh taun candhake, Sangkuriang bali maneh menyang desane. Ing wektu kuwi dheweke weruh wanita kang ayu banget

Sangkuriang

Wanita kae sapa ya, jenenge? Kok ayu banget. Ah. Coba aku dakkenalan wae.

Nimas, sapa jenengmu? Aku nandang wuyung marang sliramu. Apa sliramu gelem dadi sisihanku?

Dayang Sumbi

Jenengku Sumbi, kakang. Iya, kakang. Aku gelem

Babak VII

Sesambungan antarane Dayang Sumbi lan Sangkuriang tansaya rumaket. Pinuju sawijining dina Sangkurian lan Dayang Sumbi ngentekake wektu bebarengan.

Sangkuriang

Nimas, yen kowe sida dadi sisihaku. Apa wae sing kok jaluk bakal dakturuti.

Dayang Sumbi ora sumau nanging dheweke ngelus-elus sirahe Sangkuriang. Saiba kagete Dayang Sumbi nalika weruh sirahe Sangkuriang ana pithake

Dayang Sumbi

Kangmas, iki sirahmu kena ngapa kok ana pithake?

Sangkuriang

Iku biyen merga aku dithuthuk enthong karo ibuku.

Dayang Sumbi

(Aduh aja-aja iki anakku dhewe batine Dayang Sumbi) yen aku entuk weruh. Jenenge ibumu sapa kangmas?

Sangkuriang

Jenenge ibuku Dayang Sumbi, Nimas.

Sanalika atine Dayang Sumbi kaya disamber bledheg. Dheweke babar pisan ora ngira yen priya sing arep ngrabi dheweke iku jebul anakke dhewe.

Dayang Sumbi

Kakang, apuranen aku, ya! Merga aku ora bisa mbacutake sesambungan iki.

Sangkuriang

Ngapa, Nimas? Apa aku ana kurange saengga sliramu tumindak kaya ngene?

Dayang Sumbi

Sliramu ora ana kurange. Aku ora bisa mbacutake sesambungan iki merga sliramu kuwi anakku.

Sangkuriang

Ah, aja goroh. Ora mungkin sliramu ibuku. Aku wis ninggalake ibuku puluhan taun kepungkur. ibuku ora mungkin isih enom kaya sliramu.

Dayang Sumbi

Aku iki ibumu, Le.

Sangkuriang

Ah, aja goroh. Aja-aja iki mung akal-akalanmu kanggo pikantuk priya sing luwih saka aku.

Dayang Sumbi

Aku ora goroh, Le.

Sangkuriang

Ora. Aku ora percaya. Pokoke aku ora pengin ngerti alesanmu apa? Sliramu kudu dadi sisihanku.

Dayang Sumbi

Oh, yen kowe pengin ndadekake aku sisihanmu. Aku duwe syarat.

Sangkuriang

Apa syarate? Arepa sliramu njaluk mudhune lintang lan rembulan tetep bakal dakturuti.

Dayang Sumbi

Aku njaluk digawekake tlaga lan prau kanggo awake dhewe lelayaran bebarengan kanthi wektu sewengi. Yen kowe ora bisa nuruti panjalukku. Tegese kowe gagal lan ora bakal ndadekake aku sisihanmu.

Sangkuriang

Yen iku sing dadi panjalukmu. Bakal dakturuti. Entenana sesuk esuk ing kene bakal ana tlaga lan prau kanggo awake dhewe lelayaran.

Babak VIII

Sangkuriang ngetokake aji-ajine kanggo njaluk pitulungane bangsa lelembut.

Sangkuriang

Para bangsa jin lan lelembut. Tulung ewangana aku mbendhung kali amrih aku bisa nggawe tlaga. Saliyane kuwi ewangana aku nggawe kapal gedhe kanggo dakgawe lelayaran bebarengan kekasihku, Dayang Sumbi.

Sawise entuk prentah kaya ngono bangsa jin lan lelembut langsung nuruti apa sing dijaluk Sangkuriang.

Sangkuriang

Yen iki lancar, sadurunge srengenge njedhul apa sing dijaluk Dayang Sumbi mesthi bisa dakturuti.

Dayang Sumbi

Kira-kira usahane Sangkuriang tekan ngendi, ya! Muga-muga wae dheweke ora bisa nuruti panjalukku.

Dayang Sumbi banjur nonton tekan ngendi usahane Sangkuriang. Dayang Sumbi kaget banget weruh usahane Sangkuriang meh rampung.

Dayang Sumbi

Wah, iki ora bisa dijarake. Yen dijarake bisa-bisa aku bakalan rabi karo anakku dhewe. Aku bakalan pikantuk ukuman kang abot saka para dewa. Aku kudu golek cara kanggo nggagalake usahane Sangkuriang.

Dayang Sumbi banjur mulih menyang ngomahe.

Dheweke banjur ngakon abdine nangekake warga. para warga kang lanang dijaluki tulung diakon kanggo ngobong dhadhuk. Dene kaum wanitane dijaluki tulung kanggo nabuh lesung.

Sangkuriang

Hlo, ana apa iki? Kok para lelembut sing ngrewangi aku padha kabur kabeh. Hlo, hlo isih tengah wengi kok wis ana wong nuthuk lesung lan ana abang-abang ing sisih wetan. Kae mesthi pokal gawene  Dayang Sumbi.

Samungkure jin lan lelembut sing ngrewangi kabur. Sangkuriang nyoba mbacutake anggene gawe tlaga lan prau. Nanging nganti parak esuk Sangkuriang ora bisa ngrampungake usahane.

Dayang Sumbi

Sliramu wis gagal, Kakang. Sliramu ora bisa njangkepi panjalukku.

Sangkuriang

Aku gagal merga pokal gawemu, Nimas. Kok sliramu tega nggagalake usahaku.

Dayang Sumbi

Sliramu aja ndakwa aku sing rena-rena. Endi buktine yen aku sing nggagalake usahamu. Yen gagal kuwi gagal wae. Ora perlu gawe alesan sing maneka werna.

Samungkure ngomong kaya mangkono Dayang Sumbi ngalih ninggalake Sangkuriang.

Sangkuriang

Kurang ajar. Usahaku duwe bojo wis gagal.

Saking nesune prau sing bakal digawe lelayaran disadhuk lan banjur ceblok kanthi posisi kuwalik. Anehe prau iku malih rupa dadi gunung kang ing dinane iki dikenal kanthi sebutan gunung Tangkuban Prau.

Demikianlah contoh ringkasan naskah drama cerita rakyat Sangkuriang. Semoga contoh ini menginspirasimu dalam membuat naskah teks yang sumbernya dari cerita rakyat.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta