Contoh Drama Bahasa Jawa 4 Orang Tentang Sekolah / Pendidikan Singkat dan Menarik

Contoh Drama Bahasa Jawa 4 Orang Tentang Sekolah / Pendidikan Singkat dan Menarik – Sampai saat ini di sekolah-sekolah sering seorang guru meminta kepada siswanya untuk membuat sebuah naskah drama.

Naskah drama yang diminta bisa menggunakan bahasa Indonesia maupun bahasa daerah.

Bagi kamu yang tinggal di Jawa. Bisa jadi suatu saat nanti kamu akan diminta oleh gurumu untuk membuat naskah drama dengan menggunakan bahasa Jawa.

Sebelum saat itu tiba, kamu bisa belajar bagaimana cara membuat naskah drama berbahasa Jawa terlebih dahulu.

Dalam membuat naskah drama yang baik. Selain harus memperhatikan tema yang diminta.

Kamu juga harus menentukan berapa banyak tokoh yang dilibatkan dalam naskah drama yang kamu buat.

Contoh Drama 4 Orang Tentang Sekolah / Pendidikan

https://www.halleykawistoro.com/

Di bawah ini kamu akan diberikan contoh drama untuk 4 orang dengan tema tentang sekolah atau pendidikan.

Contoh Drama Bahasa Jawa 4 Orang Tentang Sekolah 1

Tamba Mimisan

Nalika upacara dina Senin, dumadakan Anto semaput. Ari sing ngadek ing sisihe langsung nggawa Anto menyang UKS. Nalika mlaku menyang UKS, saka irunge Ari metu getihe.

Anto

Ri, irungmu metu getihe.

Ari

Mimisanku kumat, To.

Anto

Tenang wae, Ri. Sedhela maneh awake dhewe tekan UKS.

Sawetara weku candhake Ari lan Antto wis tekan UKS. Riko lan Doni sing jaga UKS langsung nggoleki kotak P3K.

Riko

Wah, obat kanggo mimisane entek piye iki?

Doni

Mosok kok bisa kentekan iki piye?

Riko

Kayake merga wingi wis dienggo siswa liyane.

Doni

Ri, sirahmu aja kok dingklukne. Mengko pendarahane bakal luwih parah.

Anto

Hla, sing bener Ari kudu piye?

Doni

Yen bisa digawe ndangak.

Ari sing ngempet lara anane mung manut sing dikandakne Doni.

Anto

Iki endi obate kanggo mimisane Ari.

Riko

Obate entek.

Doni

Wis ngene wae. Yen obate entek. Saiki coba tak golekne godong suruh sing ana ing ngarep ruwangan kepala sekolah.

Ari, Anto, lan Riko bingung. Katelune ora ngerti godhong suruh kuwi bakale digawe apa karo Doni. Sawetara wektu candhake Doni wis balik kanthi nggawa sawetara lembar godhong suruh enom sing wis ditelesi.

Doni

Ri, coba godhong suruh iki usuk-usuken nganggo tangan. Sawise kuwi sumpelna menyang irungmu sing mimisen.

Anto

Aja aneh-aneh kowe Don. Ngapa kowe ngakon Ari ngono?

Doni

Ngene, To. Godhong suruh kuwi obat alternatif kanggo mimisen.

Anto

Alah…kowe kemeruh. Sapa sing ngomong? Aja gawe-game kowe.

Doni

Kowe kuwi dikandhani ora percaya. Aku sing ngomongi masku sing kuliah perawat. Godhong suruh bisa kanggo tamba mimisen jalaran ngandhut zat tanin sing nyebabake pendarahan ing irung cepet mampet.

Ari

Wis, To. Aja nesu. Sing diomongke Doni iku bener. Saiki irungku wis luwih kepenak.

Anto

Sepurane ya, Don. Aku wis salah tampa.

Doni.

Ora apa-apa, To. Oh, iya, Ri. Awakmu tetepa ndhangak dhisik. Pamrihe pendarahan ing irungmu bener-bener mampet.

Contoh Drama Bahasa Jawa 4 Orang Tentang Sekolah 2

Ngrewangi Melda Dodolan

Sinambi ngenteni susulan, Nining lan Nila rembugan ngenani PR sejarah sing diwenehake. Bocah loro iku rumangsa PR saka gurune angel. Dadine bocah loro kuwi kepengin ngajak Melda kanggo sinau kelompok.

Nining

Eh, Nil, sing paling ngerti pelajaran babagan sejarah kuwi rak ya Melda ta? Piye yen Melda diajak kelompokan pisan?”

Nila

Wah, ide apik kuwi. Kiraku saya akeh sing sinau bareng malah tansaya apik. Nanging aku sungkan yen sing ngajak. Merga aku iki isih siswa anyar lan durung sepira cedhak karo Melda.

Nining

Babagan kuwi perlu dipikir. Coba tak ajake bocahe.

Melda metu saka njero kelas lan liwat ing ngarepe bocah loro kuwi.

Nining

Mel, sepurane mandhega sedhela wae!

Melda

Ana apa Ning?

Nining

Anu Mel. Aku karo Nila mengko sore duwe rencana arep sinau lan nggrap PR Sejarah sing diparingke Bu Guru awan mau bareng-bareng. Kira-kira kowe bisa melu apa ora?

Melda

Waduh….

Nila

Ngapa Mel?

Melda

Sik..sik Ning. Kuwi kira-kira sorene jam pira?

Nining

Ya, kira-kira jam telunan.

Melda

Sepurane, Ning. Yen jam telu aku ora bisa. Merga aku isih ana perlu.

Nining

“Perlu a…”

Durung rampung anggene Nining takon wis luwih dhisik dipunggel Melda.

Melda

Sepurane aku tak mulih dhisik ya Ning. Soale aku kudu mulih cepet dina iki.

Tanpa ngenteni wangsulan saka Nining. Melda langsung ngeblas mlayu. Ngalami kahanan sing ngene iki Nining nggumun. Amarga sasuwene kenal karo Melda. Lagi awan iki Melda duwe patrap kang beda kaya padatan.

Nila

Bocah kok sombong banget. Yen ora gelem sinau bareng iku kudune ngomong. Ora kaya ngono kuwi.

Nining

Ora biyasane Melda kaya ngono, Nil. Dakkira mesthi ana sing disingidne.

Nila ora percaya ngono wae karo sing diomongne Nining.

Nila

Mosok ta? Lek nonton patrape. Rumangsaku Melda kuwi tipe-tipe bocah sing ora gelem ngedum ilmune kanthi sinau bareng. Pengine pinter dhewe. Saliyane kuwi manut pambijiku Melda kuwi bocahe isinan. Mulane dheweke ora gelem nolak sacara blak-blakan lan milih mlayu kaya mau.

Nining sing wis suwe kenal karo Melda rumangsa ora trima kancane dikandhakne lan dibiji kaya ngono karo Nila.

Nining

Nil, pambijimu kuwi kliru. Merga Melda kuwi bocahe ora kaya ngono. Buktine aku iki. Biyen iki aku iki ora pinter nembang. Nanging merga kerep sinau bareng lan diwulangi carane nembang kang bener karo Melda. Sithik akeh aku dadi bisa nembang.

Nila mung meneng.

Nining

Oh, iya maneh, Nil. Dakkira Melda lagi ana masalah sing disingidake. Piye saupama sadurunge sinau bareng menyang omahe Mas Ridwan. Awake dhewe luwih dhisik mampir menyang omahe Melda. Sapa ngerti awake dhewe bakal ngerti masalah apa sing lagi dialami Melda?

Nila

Wah, ide apik kuwi.

Sorene Nining lan Nila mampir menyang omahe Melda. Nanging durung nganti tekan omahe Melda. Nining lan Nila weruh sesawangan kang nggumune. Sore kuwi Nining lan Nila weruh Melda nggawa tremos isi es lilin lan gorengan.

Nining

Hlo, Mel kowe…?

Melda

Iya, Ning. Ya iki alesanku ora bisa melu sinau bareng kowe. Sejatine aku pengin sinau bareng karo kowe lan Nila. Nanging aku ora bisa melu sinau bareng. Merga aku ditugasi ibuku kanggo dodolan es lan dodolan gorengan kanggo tambah biaya adhikku kang wektu iki diramut ing rumah sakit.

Nila lan Nining rumangsa mesakne marang Melda. Nila ngrebut tremos kang dicekel Melda.

Nila

Yen es lan gorengan sing kok dol dina iki wis entek. Kowe bisa sinau bareng kan?

Melda mung manthuk.

Nila

Yen ngono aku lan Nining bakal ngrewangi kowe bakulan. Lan ngenani tawaranku sing iki kowe ora oleh nulak. Piye?

Nining

Iya, Mel. Kowe ora oleh nulak. Merga kowe kudu eling. Mbantu wong tuwa iku pancen penting lan kudu didadekne nomer siji. Nanging kowe ya kudu ora oleh lali tugase siswa kaya awake dhewe iki ya sinau.  

Melda dadi sarwa ora kepenak lan bingung. Ing satengahe rasa ora kepenak lan bingung kang dirasakake Melda iku. Dumadakan ana Mas Ridwan, kakange Nining.

Mas Ridwan

Wah, iki ana es lan gorengan. Kebeneran tenan. Es lan gorengan iki duweke sapa? Lan didol ora?

Nining

Gorengan niki sadeyane Melda, Mas.

Mas Ridwan

Yen ngono kebeneran tenan. Saupama es lan gorengan iki dakborong oleh?

Nining

Pareng, Mas. Mangga..!

Mas Ridwan

Regane kabeh pira?

Melda ngitung dhisik lan bareng rampung anggene ngitung. Melda ngandhakake rega kang kudu dibayar Mas Ridwan.

Melda

Arta sing pas napa mboten wonten, Mas? Kula boten gadhah susuke niki.

Mas Ridwan

Sisane simpenen wae.

Weruh dagangane kancane diborong nganti resik. Nining lan Nila mesam-mesem merga pepinginane sinau bareng karo Melda bakal kaleksanan.

Nila

Mel, saiki wis sinau bareng ta?

Melda

Iya, bisa. Matur nuwun bantuane ya!

Nining

Alah, kowe ora perlu isin kaya ngono. Aku lan Nila iki lak ya kancamu. Minangka kanca wis wancine tulung-tinulung.

Penutup

Demikian contoh drama bahasa Jawa 4 orang tentang sekolah dan pendidikan. Semoga artikel ini membantu kamu, ya!


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta