Cerita Legenda Bahasa Jawa Gatotkaca, Candi Prambanan, Nyi Roro Kidul Singkat

Cerita Legenda Bahasa Jawa Gatotkaca, Candi Prambanan, Nyi Roro Kidul Singkat – Di Indonesia banyak sekali kisah-kisah legenda yang diyakini kebenarannya.

Sebagian kisah-kisah itu disucikan oleh sejumlah kalangan masyarakat yang meyakini kebenaran cerita tersebut.

Tentang Cerita Legenda

https://twitter.com/Mus_BA

Meski ada yang menyucikan cerita legenda, tetap sebagian orang yang lain banyak yang tidak percaya dan menganggap cerita tersebut hanya sebatas fantasi.

Namun demikian, jika direnungkan dengan hati yang jernih dan bening ada nilai-nilai kehidupan yang dapat diambil dari cerita tersebut.

Supaya kamu mendapat gambaran tentang bagaimana kisah legenda yang dituliskan dengan bahasa Jawa. Sebaiknya kamu membaca contoh cerita legenda bahasa Jawa di bawah ini.

Contoh Cerita Legenda Bahasa Jawa 1

1. Cerita Legenda Bahasa Jawa Gatotkaca

https://twitter.com/susilo_kusmia

Raden Gatotkaca mujudake putrane Raden Werkudara saka ibu Dewi Arimbi. Sarehne sang ibu mujudake bangsa raseksa mulane Raden Gatotkaca duwe dedeg kang gedhe dhuwur.

Raden Gatotkaca mujudake satria kang pilih tandhing. Saking sektine Raden Garotkaca kawentar duwe otot kawat lan balung wesi.

Nalika isih bayi, Raden Gatotkaca nate diuncalake menyang kawah Candradimuka. Ajaibe, orane mati nanging bayi mau malih rupa dadi satriya kang gedhe dhuwur, sekti, lan bagus.

Kasaktene Raden Gatotkaca sing paling kawentar yaiku bisa mabur ing langit senajan ora duwe lar kaya sing diduweni bangsane manuk.

Raden Gatotkaca seneng banget tetulung marang sapadha. Raden Gatotkaca duwe akeh julukan salah sijine yaiku Raden Tetuko.

Salah siji perkara sing ora disenengi Raden Gatotkaca utawa Raden Tetuko yaiku panguwasa sing kejem marang rakyate.

Marang panguwasa sing tumindak kaya mangkene. Raden Tetuko ora sungkan kanggo menehi paukuman kang abot.

Salah siji panguwasa kang nate paukuman saka Raden Tetuko yaiku Prabu Boko kang dicritakake duwe kraton ing cedhake gunung Lawu.

Raden Tetuko kapeksa menehi paukuman abot marang Prabo Boko lantaran kang ditindakake Prabu Boko wis kliwat wates.

Salah siji tumindake Prabu Boko kang dianggep kliwat wates yaiku karemenane Prabu Boko mangan daging manungsa. Pawongan kang dadi kurbane Prabu Boko iki akeh-akehe rakyate Prabu Boko dhewe.

Sawijining dina Raden Tetuko nantang Prabu Boko perang. Perang antarane Prabu Boko lan Raden Tetuko iki rame banget.

Maneka pusaka sekti duweke Prabu Boko ditamakake ing awake Raden Tetuko, nanging ora ana sing bisa gawe tatu ing awake Raden Tetuko.

Sawalike ing sawijining wektu Raden Tetuko kasil nugel siyunge Prabu Boko. Sawise kasil nugel siyunge Prabu Boko. Raden Tetuko kasil njentusake mustakane Prabu Boko menyang watu gilang nganti dadi tiwase.

Sawise Prabu Boko tiwas, uripe rakyate dadi ayem sateruse.

Contoh Cerita Legenda Bahasa Jawa 2

2. Cerita Legenda Bahasa Jawa Candi Prambanan

https://pustaka.smpn34pekanbaru.sch.id/

Ing jaman biyen kacarita ana sawijining putri kang ayune sundhul langit. Putri kuwi jenenge Roro Jonggrang.

Kasulistiyane sang putri wis kondhang kaloka. Akeh banget para pangeran kang kepingin dadi sisihane putri kasebut.

Sawijining dina ana sawijining pangeran sekti lan bagus saka laladan Kraton Pengging. Pangeran kuwi pinaringan asma Bandung Bondowoso.

Nalika Pangeran Bandung Bondowoso nemoni Roro Jonggrang piyambake mblakake apa kang ana ing atine lan kang dadi gegayuhane.

Ing kalodhangan kuwi Pangeran Bandung Bondowoso janji yen dheweke bisa ngabulake panjaluke Roro Jonggrang.

Merga kepengin mbuktekake omongane pangeran saka kraton Pengging iku temenan utawa mung sawates lelamisan.

Roro Jonggrang njaluk marang Bandung Bondowoso supaya digawekake sewu candhi kanthi wektu sewengi.

Panjaluk kaya mangkene sengaja ditindakake supaya Bandung Bondowoso ora bisa mujudake panjaluke Roro Jonggrang. Awit Roro Jonggrang ora tresna marang Bandung Bondowoso.

Saliyane kuwi Roro Jonggrang uga ngerti yen Bandung Bondowoso mujudake salah siji pawongan kang melu gawe rusak negarane.

Mula saka kuwi, Roro Jonggrang suthik dadi bojone Bandung Bondowoso. Ing perangan liya, panjaluke Roro Jonggrang kanggo nggawekake sewu candhi kanthi wektu sewengi iku ndadekake Bandung Bondowoso katantang.

Bandung Bondowoso kepengin nuduhake marang Roro Jonggrang yen dheweke iku sekti mandraguna lan tanpa tandhing.

Mulane Bandung Bondowoso kepengin mujudake syarat kang diajokake Roro Jonggrang. Ing sawijining wengi Bandung Bondowoso ngrapal mantra.

Daya saka mantra kang diwaca iku nekakake mayuta-yuta bangsa lelembut. Para bangsa lelembut iku banjur dijaluki tulung kanggo ngrewangi mbangun sewu candhi.

Ing perangan liya, Roro Jonggrang kang keprungu kabar yen Bandung Bondowoso kasil mbangun candhi kanthi rikat rumangsa wedi.

Jalaran dheweke durung saguh dadi bojone Bandung Bondowoso. Dumadakan Roro Jonggrang nemu idhe kanggo nggagalake usahane Bandung Bondowoso.

Roro Jonggrang nglumpukake abdine lan ngakon supaya para abdine ngobong damen lan nabuh lesung.

Swara lesung lan langit sing katon abang merga ana damen kang diobong iki ndadekake bangsa lelembut sing ngrewangi Bandung Bondowoso mbangun candhi padha mlayu.

Rumangsa usahane digagalake Roro Jonggang, atine Bandung Bondowoso nesu banget.

Saking nesune, kawetu omongan sing ndadekake Roro Jonggrang malih rupa dadi candhi. Ing jaman saiki sewu candhi iku kawentar kanthi sebutan candhi Prambanan.

Contoh Cerita Legenda Bahasa Jawa 3

3. Cerita Legenda Bahasa Jawa Nyi Roro Kidul

https://twitter.com/Mus_BA

Ing jaman biyen ana sawijining putri saka kerajaan Pajajaran. Sang putri pinaringan asma Dewi Kadita.

Saliyane ayu rupane, Dewi Kadita ayu banget atine. Piyambake seneng banget tetulung marang para wargane.

Kahanan iki ndadekake akeh para warga kang kepengin mbesuk yen ramane Dewi Kadite wis lengser keprabon. Dewi Kadita kang dadi pemimpin ing kerajaan Pajajaran.

Kahanan kaya ngene iki mesthi wae gawe ibu tirine Dewi kadita ora seneng. Jalaran ibu tirine Dewi Kadita kang duwe asma Dewi Mutiara duwe pepinginan sing dadi raja ing Pajajaran iku anake lan dudu Dewi Kadita.

Kanggo mujudake pepinginane, Dewi Mutiara nindakake maneka cara. Salah siji cara kang ditindakake yaiku kanthi njaluk tulung marang sawijining dhukun.

Marang dhukun kasebut Dewi Mutiara njaluk supaya Dewi Kadita sing maunde disenengi wong akeh dadi digething dadi wong akeh.

Wusanane apa kang dadi panjaluke Dewi Mutiara iki keturutan tenan. Dumadakan Dewi Kadita nandang lelara kang aneh.

Saka kulite Dewi Kadita kawetu penyakit kang saemper udun kang ngetokake gandha kang ora enak. Maneka cara ditindakake tabib istana kanggo mulihake larane Dewi Kadita.

Emane, ora ana siji-sijia sing kasil. Nalika Dewi Kadita lagi ibut golek tamba marang lelara kang disandhang. Ana sawijining fitnah kang nyebabake Dewi Kadita kausir saka istana.

Senajan atine lara banget, nanging Dewi Kadita nampa pacoban kasebut kanthi ati kang pasrah lan sumeleh.

Ing wektu kuwi Dewi Kadita ora duwe papan kang dadi tujuan. Piyambake mung mlaku kanthi ngetutake apa kang dikandhakake atine.

Sawijining dina lakune Dewi Kadita wis tekan pesisir segara kidul. Ing wektu kuwi Dewi Kadita weruh ana sawijining guwa kang dirasa kena digunakake kanggo ngiyup saka panas lan udan.

Ing guwa kuwi Dewi Kadita nindakake semedi. Piyambake nyenyuwun marang Gusti Kang Akarya Jagad murih diparingi usada saka lelara kang disandhang.

Sawijining dina nalika Dewi Kadita nidakake semedine. Dumadakan ana swara kang ngakon amrih Dewi Kadita ambyur ing segara kidul. Kanthi cara kaya mangkono sakehe lelara kang ana ing awake Dewi Kadita bakal pulih kaya wingi uni.

Sidane Dewi Kadita nuruti swara kasebut. Tenan. Sawise Dewi Kadita ambyur menyang segara kidul, lelara kang ditandhang Dewi Kadita bisa mari.

Saliyane mari penyakite ana kedadeyan unik kang dialami Dewi Kadita. Sarampunge ambyur menyang segara kidul. Dewi Kadita kaangkat dadi ratune para lelembut lan duwe kraton ing dhasare samudra.

Penutup

Demikianlah contoh cerita legenda bahasa Jawa. Semoga dengan membaca artikel ini kamu dapat membuat sendiri teks legenda bahasa Jawa yang menarik.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta