Cerita Wayang Mahabarata Singkat Bahasa Jawa dari Awal Sampai Akhir Lengkap

Ada 18 babak cerita di dalam cerita wayang Mahabarata. Ketahui ulasan selengkapnya di bawah ini.

28 Desember 2023 Fajar Laksana

Cekakipun, Pandhawa kalah nalika mengsah Sengkuni. Nagari Amarta kedah dipun paringaken, Pandhawa kedah nyingkir dhateng wana ngantos 13 tahun. 

Sakintunipun, wonten Kurawa ingkang jarak dhateng Drupadi, garwanipun Puntadewa. Inggih punika dipun pendhet sandhanganipun ingkang damel Drupadi murka banjur mendhet sumpah.

Rikma bakal boten dipun gulung ugi boten dipun kumbah menawi bonten ngagem getihipun Duryudana.

Saklebetipun paukuman 13 tahun, Pandhawa sami nyamar dados kawula ing Matswpati utawi Durgandana. Pramila para kurawa boten mangertosi wonten pundi Pandhawa ing wekdal 13 tahun.

Kresna Duta lan Baratayuda

Sesampunipun nglampahi paukuman ngantos 13 tahun. Para Pandhawa lajeng ngadhep dhateng Prabu Sri Kresna. Sedyanipun nggugat dhateng para Kurawa. 

Prabu Sri Krisna minangka tetuwa inggih penasehat agung dipun suwun dados panengah ng sidhang punika. 

Ingkang dipun suwun Pandhawa inggih punika hak waris ingkang taksih dipun kuwasai Kurawa. Sedyanipun dipun suwun kanthi cara ingkang tintrim.

Sidhang ingkang dipun pimpun dening Prabu Sri Krisna punika dipun sekseni dening para dewa. Wonten Sang Hyang Parasurama, Sang Hyang Kanwa, inggih Bathara Narada.

Ananging napa ingkang dipun suwun dening Pandhawa boten dipun saguhi dening Kurawa. Para Kurawa ugi ngumbar ngendika ingkang damel muntapipun Prabu Kresna minangka panengah.

Boten saged nglerem sabaripun, Prabu Kresna banjur triwikrama, matek aji bala sewu. Dadosaken agenging Kraton Ngastina remuk sedanten. 

Kadadean punika bonten saged dipun wurungaken. Dados wiwitipun perang Baratayudha ing tlatah Kuruserta. 

Sakderengipun perang pecah, Kurawa mejahi Bambang Irawan, inggih punika putra Arjuna ingkang anggadhahi pasuryan ingkang plek kaliyan ramanipun.

Anggitipun Bambang punika Arjuna, dados dipun pejahi boten ampun.

Kaladosan punika dadosaken murkaning para Pandhawa, banjur Baratayuda wiwit. Perang ageng kang kelampahan ngantos 18 dinten, sarta damel kathah kurban, kirang langkung ngantos sekawan yuta prajurit.

Pamungkasing Mahabarata

Pamungkasing cerita wayang Mahabarata katulis ing parwa Swargarohanaparwa. 

Carita diwiwiti nalika Parikesit wus munggah ratu, banjur Yudhistira undur keprabon. Dilalah, para sedulur Pandhawa liyane wus moksa.

Jalaran mengkono, Yudhistira budhal lelaku kanthi dikancani kirik kang setya temenanan marang Yudhistira.

Close