Ringkasan Cerita Rakyat Jaka Kendil dalam Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsiknya

Ringkasan Cerita Rakyat Jaka Kendil Dalam Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsiknya – Banyak cerita rakyat yang mengajarkan nilai-nilai kebaikan. Cerita-cerita ini di masa lalu sering didongengkan orang tua ketika anaknya hendak tidur malam.

Selain digunakan sebagai pengantar tidur, melalui cerita yang didongengkan ini orang tua berharap agar anaknya dapat mengambil nilai-nilai kebaikan lewat cerita yang didongengkannya.

Tentang Cerita Rakyat Jaka Kendhil

https://haloedukasi.com/

Salah satu yang menjadi favorit adalah cerita rakyat tentang Jaka Kendil. Dalam cerita rakyat ini banyak sekali nilai-nilai kebaikan yang dapat diterapkan dalam kehidupan sehari-hari.

Di bawah ini akan Mamikos akan menyampaikan cerita rakyat tentang Jaka Kendil dalam bahasa Jawa beserta unsur instrinsik yang dimilikinya.

Sebelum mengetahui lebih jauh tentang nilai intrinsik yang ada di dalamnya. Sebaiknya lebih dulu kamu baca ringkasan cerita rakyat Jaka Kendil di bawah ini.

Ringkasan Cerita Rakyat Jaka Kendil

Ing jaman biyen ana Mbok Randha mlarat urip ijen kang omahe ana ing pinggir alas. Sawijining dina nalika mulih golek kayu saka alas. Mbok Randha krungu ana swara banyi nangis.

Mbok Randha banjur nggoleki saka ngendi sumbere swara. Saiba kagete Mbok Randha bareng ngerti yen sing nangis iku bayi lanang kang ala banget rupane.

Bayi lanang sing ditemu Mbok Randha iku blegere mirip karo kendhil. Ngrasa mesakake karo nasibe bayi kasebut. Mbok Randha banjur nggawa mulih banyu mau.

Senajan rupane bayi sing ditemu beda karo bayi umume. Nanging, Mbok Randha tresna banget karo bayi kasebut.

Dina terus lumaku. Dina dadi mingu, minggu dadi sasi, sasi dan taun. Suwening suwe bayi mau dadi bocah kang dhiwasa.

Masia dudu anak kandhunge, nanging katresnane Mbok Randha disuntak kanthi wutuh marang bayi kasebut.

Ing sawijining dina nalika Jaka Kendil lan Mbok Randha bali saka anggene golek kayu ing alas. Kekarone krungu kabar yen ing kutha raja lagi ana sayembara.

Isine sayembara yaiku sapa wae kang bisa nambani putri raja yen lanang bakal didadekake mantu. Dene yen kasil nambani wadon bakal didadekake sedulure sang putri.

Krungu ana kabar kaya mangkono, Jaka Kendil matur marang simboke kepengin melu sayembara kasebut.

Weruh semangate Jaka Kendil kang makantar-kantar kanggo melu sayembara kasebut. Mbok Randha ora tega menggak pepinginane anake.

“Le, kowe kena melu sayembara kasebut. Nanging pesene simbok menawa ana sing ngina kahananmu. Aja kok lebokake ati, ya!”

“Inggih, Mbok. Jaka janji.”

Dina candhake, Jaka Kendil pamitan karo Mbok Randha. Sadurunge budhal, Jaka Kendil disangoni pusaka kang wujude saemper kembang mlathi nanging bakale saka tembaga.

“Le, pusaka iki tinggalane mbahe simbok. Mengko pusaka iki kumen menyang banyu. Sawise kuwi banyu kum-kumane ombekna Ndara Putri. Sapa ngerti bisa dadi tamba.”

“Inggih, Mbok. Maturnuwun.”

Sawise kuwi Jaka Kendil budhal menyang kutha raja. Tekan kutha raja, Jaka Kendil kaget banget weruh akeh banget para pangeran lan raja kang kepengin melu sayembara kasebut.

Sarehne sapa wae pikantuk melu sayembara kasebut. Tekane Jaka Kendil kang kepengin melu sayembara ditampa kanthi apik dening para prajurit lan kaluwargane raja.

Mung wae, akeh banget panyawang ora kepenak sarta tetembungan pangece kang ditibakake menyang Jaka Kendil.

Sarehne tetembungan kaya mangkono wis dadi sega jangan kanggone Jaka Kendil. Sithik-sithika Jaka Kendil ora lara atine.

Sawise nunggu sawetara wektu. Saiki teka gilirane Jaka Kendil. Nalika Jaka Kendil wiwit nindakake usahane kanggo ngusadani sang putri. Akeh banget para raja lan pangeran kang ngina dheweke lan wong tuwane.

Saupama sing diina mung Jaka Kendil  dhewe. atine Jaka Kendil isih trima. Nanging merga wis nyandhak wong tuwa. Jaka Kendil wiwit kobong atine.

Untunge, Jaka Kendil isih kelingan pesene simboke. Saupama ora kelingan pesene simboke. Jaka Kendil bakalan ngajak gelut pawongan sing ngina wong tuwane.

Sadurunge nindakake usahane, Jaka Kendil luwih dhisik ndedonga murih apa kang dadi pepinginane bisa pikantuk asil kaya kang dikarepake.

Saiba kagete para pawongan kang ana ing kono samungkure Jaka Kendil nindakake usahane, mripate sang putri bisa pulih kaya wingi uni.

Nalika putri takon sapa pawongan kang wis ngusadani. Sang putri kaget bareng weruh blegere Jaka Kendil.

Nanging, merga ora pengin sulaya marang janjine. Sidane sang putri lan Jaka Kendil bakal didaupake.

Ing dina dhaupe sang putri lan Jaka Kendil. Ana kedadeyan kang nganeh-anehi. Pinuju tangane Jaka Kendil diambung sang putri. Dumadakan ana cahya kang kawetu saka awake Jaka Kendil.

Sawise cahya kuwi ilang. Wewujudane Jaka Kendil kang ana ing ngarepe sang putri malih dadi satriya kang bagus banget rupane.

Mesthi wae kahanan kaya mangkene ndadekake putri, raja lan prameswarine, sarta para tamu undangan bingung.

“Sampeyan sapa?” takone Sang Putri marang priya bagus kang ana ing sisihe.

“Jaka Kendil,” wangsulane priya kasebut.

“Aja ngapusi. Jaka Kendil sisihanku ora kaya sampeyan,” ujare Sang Putri

“Aku ora ngapusi. Ya, aku iki Jaka Kendil sing sejati. Aku matur nuwun marang putri merga panjenengan wis mbadharake kutukan sing daksandhang wiwit cilik.”

Wusanane sang Putri bisa percaya marang sing dikandhakake priya ing sisihe. Saiba bungahe sang putri bareng ngerti yen wujud sejati sisihane bagus banget.

Dina candhake Jaka Kendil ngajak sisihane bali menyang desa kanggo nemoni simboke. Mbok Randha sing bali saka alas kaget banget ana wong sajodho kang dikawal puluhan prajurit teka menyang omahe.

Mbok Randha sempet sumelang menawa tekane wong-wong iku bakal menehi ukuman kanggo Jaka Kendil.

Nanging bareng ngerti yen sing teka iku mujudake anake kang ora liya ya Jaka Kendil. Mbok Randha seneng banget atine.

Mbok Randha ngrasa seneng lan mongkog marang Jaka Kendil kang saiki wis bali menyang wujud asline lan kasil dadi mantune raja nanging ora nglelekake dheweke kang mung saderma randha mlarat kang uripe ing pinggir alas.

Unsur Intrinsik dalam Ringkasan Cerita Rakyat Jaka Kendil

Tokoh

Jaka Kendil

Mbok Randha

Putri

Setting

Istana sentris

Alur

Maju

Sudut pandhang

Wong katelu sarwa weruh sekabehane (orang ketiga serba tahu)

Tema

Blaka suta lan netepi janji (Kejujuran dan menepati janji)

Amanat

Dadia manungsa kang bisa netepi janji. Yen wis ngucapake janji. Aja pisan-pisan kumawani sulaya marang janjine. Merga sulaya ing janji bisa ndadekake manungsa aji (Jadilah manusia yang bisa menepati janji. Jika sudah berjanji jangan ingkar. Sebab, ingkar janji dapat membuat manusia kehilangan harga diri.)

Penokohan

Jaka Kendil

Nrima ing kasunyatane urip, tresna marang ibune, sarta ora lali marang asal-usule (Menerima pada takdir, sayang pada ibunya, dan tidak lupa pada asal-usulnya.

Mbok Randha

Welas asihe gedhe lan apik atine (kasih sayangnya besar dan baik hatinya.)

Putri

Apik atine, bisa ngugemi janji, lan ora mbiji manungsa saka wujude (Baik hatinya, bisa menepati janji, dan tidak menilai manusia dari fisik luarnya)

Demikianlah ringkasan cerita rakyat Jaka Kendil beserta unsur intrinsik di dalamnya. Semoga artikel ini dapat membantumu untuk lebih menemukan nilai kebaikan yang terkandung dalam cerita rakyat, khususnya di dalam ringkasan cerita rakyat Jaka Kendil.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta