4 Contoh Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema
Apakah kamu sedang mencari informasi mengenai contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema? Pada artikel ini, mamikos akan memberikan contoh-contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema.
Sawise mataun-taun anggene dodolan lengan wangi, ya lagi dina iki Ki Suta ngalami kahanan kaya ngene. Nanging rasa seneng kang dirasakake dening Ki Suta sakala sirna kalane dumadi owah-owahan cuaca.
Srengenge sing maune menthar-menthar dumadakan katutup dening mendhung sing peteng banget. Ora suwe saka katutupe srengenge mau klawan mendhung.
Dumadakan langit nyuntak banyune kanthi deres banget. Apes kanggone Ki Suta, ing kalane udan tumurun iki mau piyambake wis ana ing satengahe alas.
Merga kepengin ngendhani udan, supaya sandhangane ora teles jaran tunggangane digelak sakayange. Merga ora prayitna anggene ngendhalene jaran tunggangane. Sirahe Ki Suta ketatap pang wit maoni.
Ngalami kahanan kaya mangkene sanalika Ki Suta tiba. Sing ceblok ing lemah ora mung awake wae, nanging uga sandhangan sing dituku kanggo sisihane lan rawon kanggo sisihane uga melu ceblok.
Gandhenge papan panggone ceblok mau lendhute akeh banget. klambi anyar sing rupa putih wis malih dadi soklat.

Advertisement
Apese maneh wadhah rawon kang ginawe saka lempung mau kalane ceblok dadak nabrak watu padhas. Ora wurunga isine kutah pating slengkrah.
“Duh, Gusti. Saiba apese nasib kula. Upami panjenengan mboten ngudhunake udan samesthine kedadeyan ingkang kados mekaten mboten bakal dumadi ing dhiri kula,” panggresahe Ki Suta.
Sinambi ngusuk-ngusuk sirahe sing isih rinasa lara. Ki Suta banjur menyat lan gage jumangkah nyedhaki jarane. Ora kelalen sandhangan sing wis kebak lendhut mau dijupuk.
Rencanane yen wis tekan ngomah mengko Ki Suta bakal nyritakake kedadeyan kang dumadi ing tengah alas mau bakal dicritakake menyang sisihane.
Durung nganti nyingklak ing gegere jaran tunggangane. Awake Ki Suta ditarik menyang buri kanthi peksa kang njalari piyambake tiba maneh.
Ki Suta sempet arep nesu. Nanging anggene nesu digawe wurung samungkure ngerti sapa sing narik piyambake.
“Piye? Kowe ora trima? Kowe arep nesu? Nesu..nesua yen pengin tak bedhil sirahmu,” ujare pawongan gedhe dhuwur sing narik Ki Suta.
“Ora… aku ora nesu. Kowe arep ngapa?” wangsulane Ki Suta alon.
“Aku ngerti kowe mentas bakulan ing pasar. Samesthine wektu iki kowe nggawa dhuwit sing akeh banget. Yen kowe isih tresna klawan nyawamu. Cepet wenehna dhuwitmu!”
“Ampun, Ki. Aja. Dhuwitku iki bakal dakenggo nyukupi kabutuhane kaluwargaku. Yen dhuwit iki kok jaluk anak lan bojoku bakale mangan apa?”
“Piye kowe wani nulak prentahku. Ngertenana ya, sasuwene iki babar pisan durung ana sing wani nulak prentahku. Jalaran sapa wae sing nulak prentahku.