4 Contoh Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema

Apakah kamu sedang mencari informasi mengenai contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema? Pada artikel ini, mamikos akan memberikan contoh-contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema.

04 November 2022 Zuly Kristanto

Mung wae tuku lilin ing minimarket kuwi ora kena eceran. Gandhenge butuh tenan. Gelem ora gelem tukune ya kudu sapak.

Wektu mlebu minimarket aku sempet rumangsa nggumun minimarkete kok sepi?

Tinimbang mikir sing ora-ora. Aku banjur mikir paling ya merga isih anyar iku sing dadi penyebab minimarkete isih sepi.

Sarampunge muter-muter kanggo nggoleki rak kanggo ndeleh lilin. Sinambi ngadhem lan nglirik mbak kasire sing ayu bianget wekasane bareng sing tak goleki kasil tak temokake. Apese kalane tanganku ndemok kothak wadhah lilin lampune mati.

Mesthi wae matine lampu ndadekake swasana ing jero minimarket sing maune padhang jingglang dadi peteng njimpret. Bebarengan matine lampu, mbak kasir sing mau lagi ibut ing ruwang kerjane mbengok.

“Maaaasss………tulung…..Aku wedi,” pambengoke mbak kasir iku.

Aku sing wengi kuwi blanja ijenan ing minimarket mesthi wae sumelang.

Jalaran yen ana wong krungu lan kliru panemu bisa-bisa aku dianggep tumindak sing ora-ora. Lan upama kelakon tenan ora wurunga aku bakal digebuki.

“Tenang mbak… yen wedi sampeyan ndik kono wae,” prentahku sinambi ngempakake senter ing hpku.

Untunge mbake manut. Aku banjur mlaku nyedhaki dheweke.

“Hla, kancane sampeyan padha nyang ndi?” takonku menyang mbake.

“Isih padha golek mangan, Mas?” wangsulane mbake.

“Mas, tulung terna menyang kana, ya!” ujare mbake sinambi nuduh papan kang dikarepake.

“Arep ngapa Mbak?” takonku.

“Iku Mas, aku  arep ngempake jenset.

“Ayo yen ngono, Mbak!”

Aku banjur ngeterake mbak kasir. Sadurunge kuwi aku sempet kenalan. Saka kenalan kalane mati lampu kuwi aku ngerti jenenge mbak kasir iku Desi.

Satekane papan kanggo ndeleh jenset. Desi bola-bali nyoba ngurubake jenset. Nanging bola-bali dicoba tetep wae gagal.

Nganti kringete dleweran tetep wae jenset ora gelem murub. Kegawa rasa mesakake, aku banjur nyoba nulungi.

“Sik, mbak tulung iki hp-ku cekelen. Jensete coba tak aku wae sing ngempakke!”

Kalane tak coba pisan jenset langsung murub. Bebarengan murube jenset Desi banjur ibut ndulegi tombol ing tembok sing babar pisan ora dakmangerteni.

Close