4 Contoh Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema
Apakah kamu sedang mencari informasi mengenai contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema? Pada artikel ini, mamikos akan memberikan contoh-contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema.
Apa sing ditindakake dening Desi iku ndadekake lampu-lampu ing minimarket murub maneh.
“Mas, aku matur nuwun banget wis dikancani lan diewangi. Minangka rasa matur nuwunku menyang sampeyan. Sesuk aku kan mlebu esuk. Upama bengine awake dhewe mlaku-mlaku menyang Pinka piye?”
“Kena sih mbak. Ning Pinka kuwi ngendi?”
“Mosok sampeyan ora ngerti Pinka kuwi ngendi?”
Aku godheg
“Pinka kuwi Pinggir Kali mapane ing sapinggire Kali Ngrawa.”
“Oalahhh… dhareah Lembu Peteng kana ta Mbak?”
“Iya, Mas. Piye sampeyan gelem?”

Advertisement
“Hla, mbok iyes…”
Sarampunge kuwi aku lan Desi ijol-ijolan nomer hp.
Dina candhake aku lan Desi dolan bareng menyang Pinka. Sawise rampung mlaku-mlaku. Aku lan Desi banjur leren ing pinggir kali Ngrawa. Ing kono sinambi nyruput kopi Ijo aku lan Desi crita akeh ngenani apa wae.
Salah siji sing paling tak eling ya iku perkara wedine Desi marang peteng. Aku sempet kaget nalika Desi nyritakake babagan kuwi. Sadurunge nyritakake babagan kuwi.
Desi sempet ngajab, “Mas bakal dakcritani rahasiaku nanging sampeyan kudu janji ora bakal nyritakake babagan iki menyang sapa wae.”
“Pinka lan Kopi Ijo iki kang bakal nyekseni. Aku ora bakal nyritakake rahasiamu menyang sapa wae.”
Desi banjur miwiti critane. Lan kalane ngrungokake critane tanpa sadhar luhku melu dleweran merga critane Desi banget ngiris ati.
Contoh 4 Tentang Kasih Tak Sampai
Udan lan Kenangan
Kira-kira jam setengah sewelas bengi, aku pamit mlebu kamar menyang kanca nunggal kost sing isih jagongan ing angkringan cedhake minimarket Solo Baru.
Angkahku satekane kost. Aku arep nyicil nulis brita asil saka liputanku awan mau.
Gandhenge mripat wis ngantuk nanging pengin meksa melek jalaran akeh garapan sing durung kecandhak. Wusanane aku mampir minimarket kanggo tuku cagak lek. Biyasane sing daktuku kacang asin lan kopi sasetan.
Sawise mbayar menyang kasir. Aku langsung ngindring bali menyang kost. Sadurunge mlebu kamar kost. Aku luwih dhisik nyumet udud. Durung pikantuk telung sedhotan.