Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Candi Prambanan, Rawa Pening, dan Sangkuriang
Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Candi Prambanan, Rawa Pening, dan Sangkuriang – Kekayaan cerita rakyat yang dimiliki Indonesia tidak perlu diragukan lagi.
Berbagai suku bangsa yang tinggal di Indonesia turut memberikan sumbangan cerita rakyat yang jumlahnya mencapai ribuan.
Fungsi Ringkasan Cerita Rakyat
Daftar Isi
Daftar Isi
Sebagian cerita rakyat ini sangat panjang sekali. Kadang untuk menyingkatnya dibuatlah ringkasannya.
Adanya ringkasan ini memudahkan bagi siapa saja yang ingin mengambil pesan-pesan luhur yang ada di dalam cerita rakyat.
Dalam artikel ini Mamikos akan menurunkan artikel tentang ringkasan cerita rakyat tentang Candi Prambanan, Rawa Pening dan Sangkuriang.
Mengenai bagaimana ringkasannya. Kamu dapat membacanya pada contoh di bawah ini.
Contoh Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa
Di bawah ini adalah contoh ringkasan cerita rakyat bahasa Jawa yang perlu kamu baca agar lebih memahami kekayaan khazanah cerita rakyat nusantara.
Contoh Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa
1. Candhi Prambanan
Kabar kasulistyane Rara Jonggrang kang mujudake putri saka Kerajaan Prambanan wis kondhang tekan saindenging papan.
Sumebare kabar kasulistiyane Rara Jonggrang kang dikabarake kasil gawe widadari ngrasa meri iki ndadekake pangeran saka kraton Pengging kang aran Bandung Bandhawasa penasaran.
Kanggo ngilangake rasa penasaran sing dirasakake. Bandung Bandhawasa banjur pengin sanja menyang Kraton Prambanan.
Mung wae apa sing dadi pepinginane Bandung Bandawasa iki durung kasembadan jalaran antarane kraton Pengging lan kraton Prambanan lagi satru.
Saya suwe sesambungan antarane kerajaan loro iku tansaya renggang. Merga ora ngasilake panemu wong padha.
Wusaane kraton Pengging lan kraton Prambanan nggelar paprangan. Ing paprangan kasebut Kraton Prambanan kasil ditelukake.
Ratu Boko kang mujudake panguwasa ing kraton Prambanan lan ramane Rara Jonggrang pralaya ing paprangan kasebut.
Samungkure kasil merjayani Ratu Boko, ana esem sumringah ing pasuryane Bandung Bandhawasa. Jalaran saliyane bakal nguwasani kraton Prambanan, piyambake bakal bisa ndadekake Rara Jonggrang sisihane minangka putri boyongan.
Sawijining dina, Bandung Bandawasa nemoni Rara Jonggrang saperlu ngandhakake pepinginane sarta mesthekake kabar sing nate dirungu.
Saiba kagete Bandung Bandhawasa samungkure ngerti yen kabar kasebut pancen bener anane. Saking nggumune marang kasulistyane Rara Jonggrang.
Bandung Bandhawasa langsung kepengin mboyong Rara Jonggrang menyang krajaane. Emane, Rara Jonggrang ora gelem nuruti pepinginane Bandung Bandhawasa.
Rara Jonggrang malah ngancam bakale nglalu yen Bandung Bandhawasa wani nyenggol kulite kang mulus.
Merga ora kepengin wanita kang pengin didadekake prameswarine nglalu. Bandung Bandhawasa banjur ngomong marang Rara Jonggrang.
“Apa wae sing dadi panjalukmu bakal dakturuti, sauger kowe gelem dadi bojoku bakal dakturuti,” ujare Bandung Bandhawasa.
Apa sing dikandhakake Bandung Bandhawasa ndadekake Rara Jonggrang rumangsa seneng, jalaran ana kalodhangan kanggo uwal saka pawongan kang wis merjayani bapake.
“Bandung Bandhawasa, yen kowe pengin ndadekake aku bojomu. Aku nduwe panjaluk,” ujare Rara Jonggrang.
“Ngomonga! Apa wae sing dadi panjalukmu bakal dakturuti,” ujare Bandung Bandhawasa.
“Aku njaluk sewu candhi kang kudu dadi sewengi,” wangsulane Rara Jonggrang mantep.
Bandung Bandhawasa banjur nyaguhi panjaluke Rara Jonggrang. Bengine Bandung Bandhawasa banjur ngetokake sekabehane kekuwatane kanggo mujudake panjaluke Rara Jonggrang.
Kanggone manungsa lumrah pancen angel mujudake apa sing dijaluk Rara Jonggrang. Nanging Bandung Bandawasa ora kelangan akal. Dheweke ngundang bangsa jin lan lelembut kanggo dijaluki pitulungan.
Kanthi bantuane bangsa jin lan lelembut kuwi ndadekake usahane Bandung Bandhawasa mbangun sewu candhi kanthi wektu sewengi dadi luwih gampang.
Kabar ngenani kadigdayane Bandung Bandhawasa kang bisa mbangun candhi kanthi cepet kasil dirungu Rara Jonggrang.
Rumangsa wedi yen Bandung Bandhawasa kasil mujudake pepinginane. Rara Jonggrang banjur golek cara kanggo mbubarake bangsa jin lan lelembut kang ngrewangi Bandung Bandhawasa.
Sawise mikir sawetara wektu, Rara Jonggrang banjur nglumpukake para abdi dalem istana. Para abdi iki diutus supaya ngakon para warga Prambanan ngobong kawul lan nuthuki lesung senajan wektune isih wengi.
Prentah kasebut langsung ditindakake para abdine. Sawetara wektu candhake warga Prambanan kang manggon ing sisih wetane anggene Bandung Bandhawasa mbangun candhi padha ngobong kawul lan nuthuki lesung.
Kobonge lesung iki ndadekake langit sisih wetan dadi abang. Cahya abang ing langit sisih wetan katambah swara lesung ndadekake bangsa jin lan lelembut rumangsa yen wis esuk.
Kahanan iki kang ndadekake bangsa jin lan lelembut padha bali menyang alame maneh. Ninggalake Bandung Bandhawasa ijenan.
Senajan mung kari ijenan Bandung Bandhawasa tetep ngupaya nerusakake penggaweyane. Ing kalane anggene mbangun candhi kurang siji.
Rara Jonggrang teka kanggo nemoni Bandung Bandhawasa, “Bandung Bandhawasa kowe wis gagal nuruti panjalukku. Mula aja ngarep-arep aku dadi bojomu.”
Apa sing dikandhakake Rara Jonggrang iki ndadekake Bandung Bandhawasa nesu banget. Saking muntabe Bandung Bandhawasa banjur kawetu omongan, “Wong wedok kok atine atose kaya watu.”
Dumadakan Rara Jonggrang dadi watu tenanan. Kahanan iki ndadekake Bandung Bandhawasa getun ora ketulungan. Jalaran saliyane gagal nggawe sewu candhi. Dheweke katut kelangan Rara Jonggrang kanggo selawase.
Ing perangan liya, masia kudu dadi watu. Nanging Rara Jonggrang seneng atine jalaran ora sida dadi bojone pawongan kang ora ditresnani.
Contoh Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa
2. Rawa Pening
Contoh ringkasan cerita rakyat Rawa Pening. Sawijining dina Ki Sela Gondang ngutus Endang Sawitri, putrine kanggo nyilih tombak pusaka duweke Ki Hajar Salokantara.
Rencanane tombak pusaka kuwi bakal digunakake kanggo piranti upacara merti bumi kang bakal dianakake ing desane Ki Sela Gondang.
Endang Sawitri banjur nindakake prentahe bapake. Esuk kuwi Ki Hajar Salokantara kaget merga sing njupuk pusaka dudu Ki Sela Gondang dhewe kaya adate.
“Ndhuk, hla sing njupuk kok dudu bapakmu dhewe? takone Ki Hajar Salokantara.
“Bapak, nembe wonten tugas saking kadipaten, Ki. Mulane panjenenganipun lajeng ngutus kula nyambut pusaka kagunganipun njenengan,” wangsulane Endang Sawitri.
“Oalahh… Ndhuk, iki kowe bakal daksilihi pusaka, nanging welingku kowe aja pisan-pisan mangku pusaka iki,” ujare Ki Hajar Salokantara sinambi ngelungake pusaka duweke menyang Endang Sawitri.
“Inggih, Ki. Ngestokaken dhawuh,” wangsulane Endnag Sawitri sinambi nampa pusaka kasebut.
Sawise disilihi pusaka, Endang Sawitri banjur pamit. Wiwitane perjalanane Endang Sawitri lancar-lancar wae. Nanging dumadakan ana sawijing keanehan kang dialami Endang Sawitri.
Lakune Endang Sawitri dadi krasa abot banget. Saking abote ndadekake Endang Sawitri kesel.
Rumangsa tenagane wis kakuras, Endang Sawitri mutusake kanggo leren sawetara wektu. Apese nalika leren iku Endang Sawitri keturon lan ora sengaja mangku pusaka duweke Ki Hajar Salokantara.
Nalika tekan ngomah langsung ana keanehan kang dialami Endang Sawitri. Dumadakan wetenge krasa lara lan mlendhung, persis kaya wong kang lagi mbobot.
Ngalami keanehan kaya mangkene Endang Sawitri banjur crita apa anane marang wong tuwane.
Ki Selo Gondang banjur ngomong menyang Ki Hajar Salokantara ngenani apa kang dialami Endang Sawitri. Untunge, Ki Hajar Salokantara bisa mangerteni kahanan lan wusanane dheweke gelem dadi sisihane Endang Sawitri.
Sawetara wulan candhake Endang Sawitri babaran. Anehe sing lair dudu bayi kaya lumrahe manungsa. nanging wujud ula kang bisa tata tutur kaya manungsa. Weruh ana keanehan kang dialami anake. Ki Hajar Salokantara banjur ngakon supaya anake mertapa ing gunung Telamaya.
Wektu terus lumaku lan awake anake Ki Hajar Salokantara dadi tansaya gedhe. Saking suwene anggene tapa awake anakke Ki Hajar Salokantara katutup rerungkutan.
Sawijining dina ana sawijining tukang mbebedhag kang ora sengaja nancepake tumbake menyang lemah. Dumadakan ana getih seger kang muncrat, mesthi wae kahanan iki ndadekake para tukang mbebedhag lan kancane bingung.
Nanging rasa bingung kuwi dadi seneng bareng ngerti yen getih kuwi asale saka ula kang awake gedhe banget. Tanpa kekakehen takon para tukang mbebedhag kuwi banjur meceli daging ula kasebut.
Sawise daging dipeceli, saperangan daginge digawa bali sisane daging ula mau didumake menyang para warga.
Mesthi wae para warga seneng banget. Daging ula banjur dimangsak maneka rupa. Ana sing disate, ana sing dirica, lan ana sing ditongseng. Sinambi para warga pistha daging ula. Dumadakan ana bocah cilik sing ora ana sing ngerti saka ngendi asal-usule.
Bocah cilik iku banjur njaluk panganan marang para warga. Apese, ora ana siji-sijia warga kang gelem menehi kajaba Nyai Latung. Nyai Latung mujudake randha tuwa kang mlarat. Senajan mlarat bandha, nanging Nyai Latung atine sugih banget.
Buktine, Nyai Latung gelem aweh panganan marang bocah cilik sing keluwen mau. Sawise rampung anggene mangan. Si bocah pesen supaya Nyai Latung cepak-cepak lesung jalaran ora suwe maneh bakal ana banjir gedhe.
Sakawit Nyai Latung nganggep sing dikandhakake bocah sing diwenehi panganan iku mau mung guyon. Ananging bareng dijelasake wusanane Nyai Latung bisa percaya.
Sawise kuwi Si bocah pamit. Bocah mau banjur tumuju menyang lapangan. Ing kono bocah mau nancepake sada. Anane bocah kang ora dingerteni asal-usule kuwi ndadekake para warga ngrasa jengkel.
Para warga kang jengkel banjur nyoba ngusir bocah kasebut. Nanging si bocah ora gelem. Masia diina lan diece kanthi tetembungan kang gawe lara ati.
Nanging bocah mau tetep ora ngalih. Saya suwe saya akeh pawongan kang teka ing lapangan. Tujuane wong kang teka menyang lapangan kuwi mung siji.
Kabeh padha pengin ngusir bocah kang ora dingerteni asal-usule kuwi. Nalika wong sing wis akeh. Si bocah banjur ngomong, “Aku bakale ngalih yen ana pawongan sing bisa mbabut sada sing daktancepake iki.”
Krungu ana panantang kaya ngono. Akeh banget pawongan kang nyoba mbabut sada kanthi pangajab bocah kasebut enggal oncat saka desane.
Saka atusan pawongan kang nyoba njabel sada kasebut. Nanging siji-sijia ora ana sing kasil njabel sada kasebut.
Sawise kabeh nyoba lan ora ana kang kasil. Banjur ana kang cluluk ngakon supaya bocah kasebut njabel sadane.
Tanpa kakehen omong si bocah langsung njabel sada sing ditancepake. Anehe dumadakan ana sumber banyu bening banget sing metu saka tilas sada kasebut.
Suwe-suwe sumber dadi gedhe lan desa kono lan saperangan wargane akeh kang kelem. Untunge Nyai Latung bisa slamet merga nindakake prentahe bocah kang ditulungi.
Weruh desane dadi rawa lan merga banyu sing mbanjiri desane bening banget. Nyai Latung banjur njenengi papan kasebut kanthi sebutan rawa pening.
Contoh Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa
3. Sangkuriang
Contoh ringkasan cerita rakyat Sangkuriang. Sawijining dina Sangkuriang dikancani Si Tumang bali mburu ing alas. Sangkuriang duwe niat nggoleki kancil amarga ibune pancen kepengin mangan ati kancil.
Sawetara wektu candhake, Sangkuriang weruh ana kancil lagi angon sing singidan ing rerungkutan.
Sangkuriang ngakon Tumang supaya ngoyak kancil. Nanging prentahe Sangkuriang ora digape Tumang. Bola-bali dikongkon Tumang mung meneng wae.
Kahanan iki ndadekake Sangkuriang nesu banget. Saking nesune Sangkuriang nganti ngomong, “Yen kowe isih nuruti prentahku, aku bakal mateni kowe.”
Senajan diancam, nanging Tumang ora pedhuli.
Sangkuriang sing wis kentekan kesabarane banjur manah Tumang nganti mati. Sawise Tumang mati, Sangkuriang banjur njupuk jantung asu ireng lan digawa mulih. Tekan ngomah atin mau banjur Sangkuriang paringake marang ibune kanggo dimasak.
Dayang Sumbi ora ngrumangsani yen ati kang diparingake putrane iku mujudake atine Tumang kang mujudake bojone. Dheweke banjur masak lan mangan ati kasebut.
Nalika mangan, Dayang Sumbi takon marang anake, “Le, Tumang menyang ngendi? Kok baline ora karo kowe?”
“Tumang, tak pateni, Bu. Ati sing sampeyan masak iki atine Tumang,” wangsulane Sangkuriang.
Wangsulane Sangkuriang iki ndadekake Dayang Sumbi kaget lan sanalika dadi nesune. Sangkuriang diundamana lan dibandhem nganggo jebor (gayung).
Jebor kang dibandhemake iku ndadekake sirahe Sangkuriang mancur getih. Saliyane dibandhem nganggo jebor. Dayang Sumbi uga ngusir Sangkuriang.
Apa kang ditindakake ibune iki ndadekake atine Sangkuriang lara. Jalaran Sangkuriang ngrasa ibune luwih tresna marang asune tinimbang dheweke.
Sawise Sangkuriang minggat. Dayang Sumbi nindakake semedi lan nyenyuwun supaya sisihane disampurnakake patine.
Ing perangan liya, Sangkuriang kang ditundhung karo ibune banjur nindakake pangumbaran mengetan parane. Ing pangumbarane, Sangkuriang golek guru kang sekti.
Mataun-taun ngumbara lan meguru marang para pandhita lan rsi ndadekake Sangkuriang sawijining nom-noman kang sekti mandraguna.
Sawijining dina tanpa sadhar, Sangkuriang bali menyang tanah klairane. Ing kono dheweke ketemu sawijining wanita kang ayu banget.
Kegawa rasa kesengseme kang gedhe. Sangkuriang banjur nemoni wanita kasebut lan ngandharake rasa tresnane. Weruh ana priya nggantheng kang ngandharake tresnane. Wanita mau gelem nampa katresnan priya mudha kang nembe ditepungi.
Sawijining dina nalika Sangkuriang glethakan ing pangkonane wanita kang ditresnani, lan wanita kasebut ngaras rambute Sangkuriang. Dumadakan wanita kasebut ngrasa ana kang aneh klawan priya kang ana ing pangkonane.
Saiba kagete wanita kuwi samungkure ngerti ing sirahe Sangkuriang ana pithake. Wanita kasebut kaget setengah mati bareng ngerti priya sing ngajak rabi iku jebul anake dhewe.
Bareng ngerti yen sing ana pangkone iku anake dhewe. Dayang Sumbi banjur ngomong apa anane.
Ananging apa sing dikandhakake iku ora dianggep Sangkuriang. Malah Sangkuriang ngrasa yen sing ditindakake Dayang Sumbi iku mujudake siasat kanggo nulak katresnane.
Rumangsa wis ora ana cara kanggo menggak pepinginane Sangkuriang kanggo ngrabi dheweke.
Wusasane Dayang Sumbi nggawe syarat sing kudu dicukupi Sangkuriang.
“Yen kowe pancen ndadekake aku bojomu, aku pengin kowe nuruti salah siji panjalukku,” ujare Dayang Sumbi.
“Panjaluk apa sing dikarepake?” takone Sangkuriang.
“Aku pengin Kali Citarum dibendung kanggo nggawe telaga, lan ing telaga kasebut ana prau gedhe. Kowe kudu bisa ngrampungake kabeh panjalukku kanthi wekte sewengi,” Kandhane Dayang Sumbi.
Tanpa mangu-mangu, Sangkuriang nyarujuki panjaluke Dayang Sumbi, “Aku bakal nuruti panjalukmu.”
Sangkuriang enggal-enggal nyambut gawe kanggo nepaki panjaluke Dayang Sumbi. Sepisanan dheweke nebang wit gedhe kanggo nggawe prau. Wit-witan lan pang-pang sing ora perlu ditumpuk.
Tumpukan pang-pang lan pang-pang wit-witan mau banjur malih dadi Gunung Burangrang, semono uga tunggul wit-witan mau banjur malih dadi gunung sing luwih dikenal Gunung Bukit Tinggul.
Prau gedhe kasebut pungkasane rampung dening Sangkuriang. Nom-noman sakti banjur duwe niat kanggo mbatesi deres aliran kali Citarum kanggo nggawe sendhang.
Sangkuriang banjur nyeluk bangsa lelembut kanggo ngrewangi usahane mujudake panjaluke Dayang Sumbi. Kabeh sing ditindakake Sangkuriang wis diweruhi dening Dayang Sumbi.
Weruh sesawangan ing ngarepe, Dayang Sumbi sumelang yen Sangkuriang bakal kasil mujudake panjaluke. Dayang Sumbi banjur nyoba nggagalake usahane Sangkuriang supaya ora kelakon kawin karo anak kandhunge.
Dheweke banjur njaluk tulung marang Dewa. Sawise ndedonga, Dayang Sumbi oleh pituduh. Dayang Sumbi banjur nyebar boeh rarang (kain tenun putih). Dheweke uga meksa jago kluruk nalika isih wengi.
Kluruke jago iku ndadekake bangsa lelembut kang ngrewangi Sangkuriang wedi lan mlayu mangka wektune isih tengah wengi. Keplayune bangsa lelembut iki kang gawe usahane Sangkuriang gagal.
Sangkuriang nesu banget bareng ngerti yen keplayune bangsa jin iku merga tumindake Dayang Sumbi. Dheweke rumangsa yen Dayang Sumbi wis ngapusi dheweke.
Kegawa nesune kayu sing nyumpet Citarum disadhuk lan wusanane dadi gunung Mahlyang. Dene prau sing rencanane digawe lelayaran karo Dayang Sumbi uga ketut disadhuk lan wusanane malih dadi gunung Tangkuban Perahu.
Merga rasa nesune durung rampung, Sangkuriang banjur ngoyak Dayang Sumbi kanggo nggawe pretungan.
Dayang Sumbi kang wedi karo pangamuke Sangkuriang banjur mlayu lan singidan ing sawalike gumuk cilik. Ing kono Dayang Sumbi nyenyuwun marang para dewa supaya dislametake uripe. Samungkure ndedonga Dayang Sumbi moksa lan gumuk papane moksa banjur dijenengi gunung Putri.
Sauntara iku Sangkuriang sing gagal nemokake Dayang Sunbi, wusanane uga melu moksa.
Demikianlah contoh ringkasan cerita rakyat bahasa Jawa candi Prambanan, Rawa Pening, dan Sangkuriang. Semoga dari contoh ringkasan cerita rakyat di atas ada pelajaran yang dapat kamu ambil.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: